Rabu, 24 Februari 2010

Saru, Wirang, lan, Isin Tumrap Bebrayan Jawa

Saru, wirang, Ian isin kuwi ana gegayutane. Kanggo nyumurupi bab iki perlu kita andharake siji mbaka siji. Bab sepisan sing perlu kita gatekake yaiku ngenani tembung saru. Saru iku tumindak, pakarti, Ian uga pacelathon kang ora jumbuh karo tata kesopanan mula kudu padha ditinggalake. Jaman kuno asring wong tuwa nyebut tetembungan ora ilok kanggo elik-elik tumindak saru kuwi.

Mangan ana tengah lawang, ngguyu cekakakan, angop sakamba-ambane, mangan ngetokake swara (kecap banter), ngombe wedang dicucup, nganggo sandhangan sing mamerake aurat, kabeh kuwi klebu tumindak saru. Apa ana akibate yen tatanan iki dilanggar? Mesthi wae ana. Mangan ana tengah lawang jelas saru amarga iku dalan kanggo tamu. Umpama ngepasi mangan terus ana dhayoh teka rak kudu mlayu-mlayu ndhelik. Mula becike aja mangan ana tengah lawang. Wong tuwa mbiyen emoh njelasake. Cukup ngomong ora ilok. Ora perlu njlentrehake kanthi gamblang.

Ngguyu nganti cekakakan tur keliwat banter utawa angop sing amba banget ora ditutupi uga klebu tumindak saru. Apa ta risikone? Nyatane loro-lorone tumindak iku mbebayani banget. Wong ngguyu sing kebablasen utawa angop kekamban bisa njalari uwange kesleo. Yen nganti panggonan tutuk kuwi kesleo kelakon ora bisa mingkem alias kebacut menga. Sawetara taun kepungkur tau ana kedadeyan wong angop sing kebablasen ora bisa mingkem, kepeksane ndadak digolekake wong pinter. Bareng dikampleng saka mburi lagi bisa pulih sauni-uni. Angop kekamban uga mbebayani. Sapa ngerti nalika iku ana laler mabur terus mlebu tutuke sing lagi angop. Beja yen mung laler. Umpamane sing mabur kuwi tawon terus ngentup telak kelakon dadi gawe. Mulane ora ilok ngguyu cekakakan utawa angop kekamban tanpa ditutupi.

Ngenani ngguyu cekakakan kuwi wis digambarake ing crita wayang. Yen panjenengan ngematake lakon Begawan Ciptaning, ana paraga sing jenenge Prabu Newata Kawaca. Narendra raseksa sing sekti mahambara iku jebul pengapesane manggon arueng tutuk. Nalika kasil mboyong Dewi Supraba ing prajane, sawijining wektu Dewi Supraba ngalembana Prabu Newata Kawaca. Dhasare raseksa, krungu pangalembana iku dheweke sigra gumuyu latah-latah. Ora nyana lamun Sang Arjuna wus siyaga gegaman. Pusaka dilepasake ngenani telak sigra prapteng lampus. Mangkono mungguh gegambaran ngenani pengapesane wong kang gumuyu nganti latah-latah. Piwulang agama uga ngelingake yen gumuyu aja kebangeten awit bisa ngurangi kaprayitnan. Yen bisa lamun gumuyu ya samadya wae.

Bab-bab liya kang dianggep saru mesthi ana rahasia ing suwalike. Mula saka iku tatanan bebrayan kang nganjurake supaya ngedohi tumindak saru iku becik yen ditaati. Yen ana bab-bab sing sajak ora tinemu nalar, mbok menawa durung wae kita temokake sebab musababe. Nalar kita bakal tinarbuka yen wus ngalami Ian nglakoni dhewe bab-bab kang nyata perlu ditinggalake kuwi.

Sateruse ngenani tembung wirang. Rasa wirang kita rasakake lamun wus kebacut tumirirlak kang nalisit saka bebenet. Umpamane, jajan bakso wis kebacut mangan kok dilalah dhompet keri ana ngomah. Yen ngalami lelakon kaya iki mesthi wae nandhang kewirangan. Conto liya yaiku yen duwe anak wadon kang nganti entuk gelar MBA (marriage by accidence) mesthi wae wong tuwa nandhang kewirangan.

Yen jaman biyen mesthi ana tandha jago klura wanci sore. Kenya kang tumindak kaya kuwi dianggep gawe sangare desa. Bisa-bisa desa sing kepanggonan prawan kaya kuwi kelakon nandhang larang udan Ian larang pangan. Kuwi jaman mbiyen.

Nanging jaman saiki sajake kahanan wis beda. Masyarakat saya permisif mula padha maklum yen ana kasus prawan sing ngandheg sadurunge nikah.

Rasa wirang iku ana sing gedhe Ian cilik. Jajan lali ora nggawa dhompet, nganggo klambi kewalik, sepatu utawa sandhale selen, kuwi klebu kewirangan cilik. Ana uga kewirangan gedhen-gedhen kaya kasus MBA, duwe anak kena kasus kriminal, tumindak Iuput sing kedlarung-dlarung, lsp. Kang njalari kewirangan kuwi bisa amarga katalumpen, bisa uga saka anggota keluwarga. Kita mesthine bisa ngawekani tumekane bab-bab kang bisa njalari kewirangan iki. Lamun bisa njaga kahanan mesthi wae ora bakal ketaman kewirangan sing gedhe.

Wirang kuwi raket sesambungane karo isin. Wong sing wis kebacut kewirangan adate terus nandhang isin. Duwe rasa isin kuwi penting banget tumrape sadhengah wong. Ing piwulang agama Islam, rasa isin kuwi segaeyan saka iman. Rasa isin kudu dilungguhake ana papan sing pas. Yen ora pas, mesthi wae rasa isin kuwi ora nggawa manfangat kanggo urip kita ing bebrayan. Amarga rasa isin wong-wong bakal tumindak ngati-ati karben sesrawungane bisa ditampa dening masyarakat kabeh. Mula saka iku rasa isin kudu dijaga Ian diurip-urip.

Rasa isin kudune dituwuhake kanggo nyegah tumindak luput. Yen konangan colong jupuk, selingkuh, ngapusi, korupsi, ngunthet dhuwit umum kudune isin. Yen tangga teparo bisa ngamal kebecikan kok awake dhewe ora bisa, kudune isin.

Umpama kabeh wong padha ngembangake rasa isin kanthi benet, kaya ngapa endahe bebrayan. Amarga isin tumindak ngapusi Ian korupsi ora ana maneh wong-wong sing tumindak luput. Panguripan dadi ayem tentrem. Negara uga aman amarga ora ana anggaran negara sing bocor. Emane rasa isin iki durung mlebu ing kabudayan Jawa.

Rasa isin uga ana sambung rapete karo rasa pambeg. Rasa pambeg kuwi sembada mula isin yen nganti gawe karepotane liyan. Ilange rasa pambeg njalari saya tipis rasa wirang Ian isin, mula gelem nindakake bab-bab sing remeh Ian njuwarehi.

Sawetara wektu kepungkur ana warta sing nyebutake yen ing kutha Solo saben Jumat ketekan wong ngemis rombongan: Wong-wong kuwi sakjan-jane isih bisa makarya nggunakake tenaga. Mung wae amarga ora duwe pambeg Ian ilang rasa isine, makarya remeh kang sering sinebut khridha lumahing asta tansah ditindakake. Karepe pengin entuk dhuwit tanpa kringeten. Koruptor karo pengemis kuwi saktemene padha remehe mung wong sing nglakoni ora rumangsa. Coba dipikirake wong ora rekasa kok kepengin entuk dhuwit akeh, saka ngendi asal-usule? Yen ngono pola pikire koruptor karo wong ngemis ana empere; padha kepengin kepenak tanpa meres kringet.

Pengemis, isih lumayan awit anggone golek dhuwit kuwi mung nyadhong keikhlasane liyan: Ana uga sebageyan wong, ngemis nindakake pakaryane kuwi karana kepepet kahanan ekonomi lan nasib elek. Lha yen koruptor, awake sisih gagah perkosa tur sandhangane necis kok ,gelem mangan dhuwit sing dudu hake dhewe. Yen ngono korupsi kuwi luwih remeh tinimbang nglakoni kridha lumahing asta. Kenangapa tetep kita tindakake? Jalaran ilange rasa wirang Ian isin,

Piya akibate lamun wong-wong wis padha ilang rasa isine? Tatarane werna-werna; wiwit ora idhep isin, ora duwe isin, nganti ngisin-isini. Yen ana panduman beras murah wong sing kecukupan melu antri tuku bisa kita sebut wong kuwi ora idhep isin. Wong dudu jatahe kok melu tuku. Mesthine ana wong sing luwih duweni hak. Sateruse, yen ana kenya mlaku ana dalan mamerake aurat sebut wae bocah sing ora duwe isin. Aurat kok dipamer-pamerake liyan. Yen ana wong korupsi gedhen-gedhenan ngentekake jatahe rakyat, wis mesthi wae tumindak kuwi bisa disebut ngisin-isini.

(Sudadi/35)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2007/07/30/218/Saru-Wirang-lan-Isin-Tumrap-Bebrayan-Jawa

Samadya kanthi Ura-ura Sinambi Numpak Mercy

MANAWA filsafat Jawa iku ngegungake ide lan ngasorake materi, pancen ora bisa diselaki. Kapara maneka warna panemu sarta gegebengan Jawa mratelakake adeg-adeg kang asipat antimateri. Wong Jawa luwih katrem ngrumit-ngrumitake sarta ngunggulake tata krama lan alusing budi. Kepriyayen lan kabudayan adiluhung banjur dadi kadidene agul-agul, yen ora malah tujuan.

Nanging yen dudutan mau dijupuk kanggo nggambarake kahanane manungsa Jawa lan kabudayane, luwih-luwih ing titi mangsa iki, mesthi banjur akeh lupute. Jroning swasana kesejagadan kaya mangkene, kaya ora tinemu nalar manawa "Jawa" tansah digambarake kaya sing wis kelakon ing wingi uni utawa "Jawa" kang tinulis ing pitutur-pitutur luhur.

Pancen, wong Jawa isih padha ngarani manawa urip ing alam donya iki ibarat mung mampir ngombe. Mung sedhela saka perangane laku sing luwih dawa. Gandheng mung sedhela, mula banjur kudu dimaknani supaya nduwe teges.

Nanging perkara "ngombe" wae, Jawa ya nduwe angger-angger. Ora sasenenge, ora sakuwate. Ana ukuran lan takerane sing bisa dilacak saka pratelan candrane wong ngombe. Upamane, yen ngombene mung sasloki, arane eka padma sari. Yen rong sloki, dwi amartani. Tegese isih ing tataran kang bisa diarani "apik tur murakabi awak".

Nanging yen wis luwih saka kuwi, apa maneh yen wis kliwat takeran, bakal ora becik kedadeane. Upamane yen nganti sepuluh sloki, bakal kaya wangkene yaksa, dasa yaksa wangke. Siang apik? Ya samadya wae.

Temene, wong Jawa uga ora bisa diarani nyingkur saka kadonyan tenan. Wong bisa diarani "wis dadi wong" yen wis kadunungan wisma, wanita, turangga, kukila, lan curiga. Tegese, wis nduwe omah, bojo, tumpakan, manuk utawa oceh-ocehan sing bisa dirungokake, lan keris minangka pusakane. Nanging nut ing jaman kelakone, mesthi wae sing diarani turangga, kukila, lan curiga mau uga ngalami owah-owahan, sanajan konsepsi lan substansine tetep.

Nanging apa yen wis kedunungan kabeh mau banjur ateges bakal mulya? Apa pancen kamulyan iku sing dadi tujuane urip?

Jebule ora. Sora-orane, urip iku ora mung kanggo mburu kamulyan. Sebab, apa tegese kamulyan yen ing kono ora ana katentreman.

Upamane ngene. Apa tegese omah gedhe magrong-magrong, bojo bebasan ayune ora kalah karo widadari, arep menyang ngendi-ngendi uga wis sumadiya tumpakan sing nduwe gengsi, kanggo mat-matan lan rungon-rungon ing omah uga ana, klebu ìpusakaî kayadene titel lan gelar ing jaman saiki (kapara katebelece!), nanging kabeh mau mung marakake turu ora bisa angler lan menyang endi-endi rumangsa ora aman?

Pancen, kanthi samubarang mau, bakal luwih gampang anggone nanjakake uripe. Nanging sisip sembire, yen kurang prayitnane, kamulyan mau mung bakal njlomprongake marang kasangsarane jiwa.

Urip Ngaya

Sajrone urip saben dinane, manawa ana wong sing ngoyak bandha donya wae, bakal dianggep ngaya uripe. Tur iki uga diarani dudu Jawa. Sebab, urip Jawa iku tentrem lan laras sajroning batin, jalaran bab-bab sing asipat materi dianggep ora bisa marakake marang ketentreman.

Mula, ora nggumunake manawa aluwung "mangan ora mangan kumpul" timbang "crah agawe bubrah". Apa tegese padha rebut rejeki yen tundhone mung gawe pethal anggone padha paseduluran utawa memitran. Kosokbaline, aluwung tetep padha kumpul, antarane "sing mangan" lan "sing ora mangan", jalaran ing kono iku keguyuban lan kerukuan bisa thukul sarta ngrembaka.

Kanthi rada ekstrem, gambaran mau uga kawengku ing pratelan "tinimbang numpak Mercy mbrebes mili aluwung mikul dhawet ura-ura". Sepisan maneh, iki saya nandhesake manawa bandha-donya iku ora perlu, sing luwih wigati tentreme ati.

Luwih-luwih maneh, isih ana unen-unen "nyawa mung gadhuhan, bandha donya mung sampiran". Apa sebabe? Bandha donya kuwi bisa sirna, drajad-pangkat uga bisa kliwat.

Yen dibacutake maneh, ana uga kang mratelaake manawa makuthaning urip iku ora dumunung ana ing bandha donya, kalungguhan, drajad-pangkat, lan samubarang kang didarbeni.

Temene, nampik marang gebyaring kadonyan, mburu kesenengan sing mung didhasari dening materi, ora mung ana ing Jawa wae. Ing jagading Islam, upamane, kang diarani wong sufi kuwi ora liya wong kang sarwa prasaja uripe sarta nyingkur marang gebyaring kadonyan.

Awit apa? Jalarane, mbokmanawa wae, saksapa kang ora sarwa mubra-mubra, sing apa-apa keturutan, adhakane padha lali ing purwa duksina. Kosok baline, sok sapa sing lagi nandhang kecingkrangan, apa-apane sarwa kurang, lumrahe banjur padha ngrerepa, cedhak karo Sing Mahakuwasa.

Kejaba saka iku, melik marang kadonyan iku temene ora ana watese. Kapara, keturutan siji bakal marakake kepengin liyane. Mangkono sapiturute. Apamaneh adhakane, ing babagan badha-donya, angel yen wong kuwi dikongkon ndhingkluk. Lumrahe malah padha ndhangak, nyawang sing luwih dhuwur.

Mula ora jeneng aneh yen wong Jawa banjur nduwe unen-unen "aluwung mikul dhawet nanging sinambi ura-ura tinimbang numpak mercy nanging karo mbrebes mili" mau. Aluwung badan wadhag iki katone rekasa, nanging batin rumangsa mulya.

Bisa dikompliti maneh pratelan mau nganggo pratelan-pratelan liyane. Upamane "sugih tanpa bandha lan sekti tanpa aji". Tegese sacara harfiah, sugih kuwi ora kudu bandha sing dadi ukurane. Wong bisa wae rumangsa sugih tanpa kedunungan raja-brana. Semono uga ing bab kasekten. Kapara marga ora kadunungan mau, banjur dheweke malah rumangsa sugih.

Nanging pratelan mau apa ora mung kanggo ngeyem-yemi marang sing pancen ora nduwe apa-apa wae? Apa ya kelakon, wong bisa mulya-tentrem lair-batin yen salah siji ing antarane loro, embuh laire embuh batine, embuh kadonyane apa keakheratane, ana sing gothang utawa kurang?

Mesthi wae ora jeneng srakah yen wong banjur kepengin bisa "numpak mercy nanging tetep sinambi ura-ura"? Ora mung merga akomodatif marang gebyare urip sing saya kapitalis. Sebab, kanthi bisa ìnumpak mercyî lan ìura-uraî temen ing kono wong bisa nindakake urip kanthi laras lan jumbuh. Samadya!

(Sucipto Hadi Purnomo/35)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2008/03/03/294/Samadya-kanthi-Ura-ura-Sinambi-Numpak-Mercy

Selasa, 23 Februari 2010

Ngarep-arep Koretan sawise Entek-entekan

UPAMA tumrap apa-apa iku gelem samadya wae, luwih-luwih sacukupe lan sabutuhe, mbokmenawa ora perlu nganti entek-entekan. Nanging ya ora lidok ujare adhaplok, ”Melik iku nggendhong lali.” Amarga melik bisa keranggeh targete, ngantiya entek-entekan, bebasan tumpes tapis tanpa tilas ya tetep dilabuhi.

Perkara entek-entekan, mesthi wae lelakone Pandhawa bisa dadi kaca pengilon. Iki ora mung sepisan wae, nanging saora-orane ambal kaping pindho.

Sepisanan, nalika lakon Pandhawa Dhadhu. Rumangsa kebrongot dening panantange Kurawa, Pandhawa sing dipandhegani Yudhistira iku ngladeni apa ucape nak-ndulure. Kamangka, Kurawa temene didombani dening ”mahalicik” Patih Sengkuni.

Wiwitane sing ditotohake salumrahe wong ngabotohan, wong main dhadhu. Nanging suwene-suwe, apa-apa diudhokake. Wiwit saka bandha donya, raja brana, ganti tekan negara. Cilakane, Pandhawa sing lugu-lugu wae iku anggone ngecakake main dhadhu, kobol-kobol. Kalah sakabehe, sahingga apa sing diduweni kudu dipasrahake marang Kurawa.

Sing dadi klimaks-e, Pandhawa kudu ninggalake negara Ngastina —sing manut pranatan sing lumaku kudune dadi hake— lawase rolas taun. Sasuwene iku, Pandhawa kudu sesidheman, aja nganti konangan. Merga yen nganti konangan, kudu mbaleni maneh ”ukumane”.

Ketundhung saka bumi klairane, tanpa nggawa apa-apa, Pandhawa lagi ngrumangsani yen wis entek-entekan. Meh wae padha nglokro lan entek pangarep-arepe. Nanging begjane kok bocah lanang lima mau isih diemong dening ibune, Dewi Kunthi Nalibrata. Ya Kunthi iku sing asung motivasi marang putra-putrane supaya gumregah kanthi tumindak nyata.

Jebul, swasana entek-entekan lan pambombonge ibune dadi daya gedhe tumrap Pandhawa sing nduwe karep babad alas dhewe. Wanamarta, alas gung liwang liwung bebasan janma mara janma mati sato mara sato mati, kelakon dibabad banjur didegi negara anyar: Amarta.

Prastawa Kapindho

Mesthine lelakon kalah dhadhu nganti entek-entekan iku bisa dadi pepenget tumrap Pandhawa supaya ora ngaping-pindhoni. Nanging nyatane ora. Entek-entekan amarga kalah dhadhu iku durung sepiraa.

Kelakon ngembangake Amarta dadi negara gemah ripah loh jinawi lan kasil nglakoni ”ukumane”, Pandhawa bali ing Ngastina kanthi nagih warisan, nagih hake. Nanging akibate luwih gedhe tinimbang lelakon sing wis tau dialami. Dudu sesigar semangka Negara Astine entuk-entukane, nanging Pandhawa kudu ngadhepi Kurawa ing medhan Kurusetra: perang Baratayuda.

Sing diudhokake saiki ora mung bandha donya maneh. Uga ora mung negara maneh sing ditotohake, nanging uga urip lan pati.

Kedayan saka pratelan kang ngandhakake manawa Baratayuda iku dudu salumrahe perang, nanging perang suci, perang sing wis dadi jangkane para dewa, mula sethihik wae ora ana rasa mamang ing ati kanggo nindakake. Mangkat perang ateges nindakake tugas suci, netepi darmane satriya utama, mbrastha tumindak dur angkara. Mangkono sing cinandhi ing batine pihak Pandhawa. Dene ing pihak Kurawa, iku mujudake wektu kanggo ngrungkebi tanah wutah getih, mbelani sing wis paring boga-wastra, kamukten, lan kawibawan.

Ora kurang Bhagawadgita, lumantar bawarasa dawa antarane Arjuna lan Kresna, uga asung legitimasi marang ”perang suci” satemah dadi cekelan tumrap Arjuna madeg senapati, ngadhepi sedulur-sedulure dhewe.

Tenan, dina mbaka dina tumapake Baratayuda mujudake papan kanggo ngesokake bandha-donya lan jiwa raga. Lumantar Baratayuda, pancen Pandhawa akhire unggul perang. Nanging kabeh sing diduweni kudu diudhokake kanggo nggayuh kamenangan. Ora ana sing kesisa. Bandha-donya, garwa-putra, kabeh dadi korbane. Entek-entekan!

Apa sing bisa dikukub Pandhawa sawise menang Baratayuda? Apa isih bisa disebut kamenangan, yen ora ana maneh sing bisa dipurih? Banjur kanggo sapa maneh kamenangan iku yen putra-wayah, sanak-kadang, sarta garwa uga wis ora ana?

Astina, tata lair isih wujud negara, nanging yektine wis ora ana apa-apane. Kabeh wis rusak, kabeh wis entek.

Mula, kamenangan iku kamenangan sing sepi. Kayadene sepine para Pandhawa nalika siji mbaka siji akhire padha sowan ana ing pangayunane Kang Murbeng Rat.

”Nyawa Kliwatan”

Nanging untunge isih ana jabang bayi Parikesit. Isih ana ”nyawa kliwatan”, sing isih bisa diarep-arep bakal nyambung sejarahe darah Barata. Isih ana koretane.

Pancen, yen wis keli lan nguja marang kekarepan, sok-sok wong lali marang tembe buri. Lali manawa isih ana sing perlu disisakake kanggo anak putu. Kaya-kaya sing butuh urip iku mung sing ana saiki utawa malah mung awake dhewe. Mulane apa-apa ya banjur arep diuntal saendhegan.

Mentalitas gambling pancen gampang banget nyeret sadhengah wong notoh nganti entek-entekan. Cilakane, mentalitas kaya ngono iki ora mung thukul lan ngrembaka ing jiwane para ahli main wae, nanging ing batine para calon pangembate praja.

Ing tataran sing endhek dhewe wae ing tata keprajan, ora sethithik wong sing wani ngudhokake apa wae sing diduweni kanggo ngranggeh kalungguhan dadi lurah desa. Ora mung para calon lurah, nanging uga calon-calon liyane sing mbutuhake panyengkuyung lan iku tegese kudu diudhoni bandha-donya sing ora sethithik. Nek perlu utang kana-kene dilakoni, tanpa perduli piye mengkone olehe bakal mbalekake.

Nyatane, akhire luwih akeh sing kalah tinimbang sing menang. Kapara sing tata lair menang nanging njero ya dhedhel-dhuwel. Mulane banjur akeh sing padha ambuk tenan amarga entek-entekan mau. Pira sing akhire padha kelangan pengarep-arep, kelangan nalar ganep, kapara banjur kelangan nyawa amarga bubar entek-entekan: entek tenaga, entek bandha, entek pikiran.

Mulane, supaya sing ngalami entek-entekan ora banjur padha ngemasi, kudune sing permati olehe milang-miling bokmanawa isih ana sing kliwatan. Kayadene ing sawah nalika bar dipanen, tetep ana sing bisa diasag. Kayadene pangan ing omah utawa warung, arepa dakandhakake wis entek-entekan, tetep wae ana koretane. Ya koretan iku sing bisa nukulake pengarep-arep anyar.
(Sucipto Hadi Purnomo/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2008/10/05/355/Ngarep-arep-Koretan-sawise-Entek-entekan

Ora Mendem Dadi Satriya

SINEBUT satriya, sapa sing ora seneng? Diarani duwe watak satriya, sapa sing ora mongkog ati? Ora amarga satriya iku kalebu kasta sing dhuwur —mung kalah dhuwur karo brahmana— nanging mung sing klebu ‘’janma kinacek’’ sing wenang entuk sesebutan iki. Ora mung amarga marisi ‘’trahing kusuma rembesing madu turasing amara tapa’’, nanging ngalami mobilitas vertikal amarga saka kualitas personale.

Pancen, dalan kanggo tumuju sebutan mau ora gampang. Luwih-luwih sing asale saka golongane pidak pedarakan utawa wong aceplik. Amarga apa-apane sarwa sekeng, mula pangudine marang apa wae, luwih-luwih bab panggulawenthah lan pamulangan, adhakane ya kurang. Ing swasana kaya mangkono, mesthi wae rada angel yen diarep-arep muncul pawongan sing duwe ‘’kelas’’ satriya, kejaba sing pancen bisa mrojol selane garu.

Ing sajrone bebrayan sing njunjung dhuwur sistem kasta, pancen pola rekruetmen pamulangan lan kelas sing dianakake ora uwal saka tetimbangan iki. Mulane senajan gedhe tekade olehe arep meguru marang Pandhita Drona ing Sokalima, Bambang Ekalaya tetep ora bisa ditampa. Alesane tandhes, Ekalaya ora duwe status satriya sing timbang karo para putra Kuru lan Pandhu.

Nasib sing kurang luwih padha uga kudu dialami dening Karna. Amarga wong-wong ngertine dheweke mung anake kusir, mula banjur akeh sing padha ngremehake. Karna dianggep ora pantes lungguh ngedhengkreng jejer karo para satriya liyane.

Nanging kabeh mau malah dadi pamecut tumrap Suryaputra. Uwal saka pinggete ati sing nuwuhake rasa pangigit-igit, dheweke kasil nuduhake kelase. Karna pranyata pantes lungguh pada endhek, ngadeg padha dhuwure karo para satriya liyane. Kapara ora mung palungguhan minangka adipati ing Awangga sing kelakon karanggeh, nanging ing Baratayuda dheweke sinengkakake ngaluhur minangka senapati perang —posisi sing dadi idam-idhamane satriya ngendi wae.

Ora Gampang

Pancen ora gampang nggranggeh gelar satriya. Lelakon sing dialami Sumantri nuduhake bab kuwi. Mudhun saka pertapan Argasekar, Sumantri temene wis buntas kawruhe sarta cukup sangune saka wong tuwane ya gurune dhewe, Suwandageni.

Nanging sedyane bisa ngenger marang Prabu Arjunasasrabau pranyata ora gampang. Jebul kabisan lan kasekten sing diduweni durung timbang karo panodhi sing diparingake dening sang Nata. Luwih-luwih nalika garwane ratu iku nyuwun bebana arupa diputere Taman Sriwedari.

Begja, dene lakune Sumantri ditutake dening adhine sing nduwe rupa ala iku: Sukasrana. Awit pitulungane sedulur sing temene tansah disiya-siya iku, si magang anyar kelakon ngudaneni pamundhute bendarane. Dene kanggo ancik-ancike Sumantri munggah menyang tlundhakane kawiryan, Sukasrana sing tampil minangka bempere. Uwal saka disengaja apa ora, kerise Sumantri sing maone mung kanggo agak-agak supaya adhine ora kinthil wae, tumancep ing dhadhane Sukasrana; dadi lan patine.

Ora Instan

Senajan semono gedhene pangurbanane Sukasrana tetep wae dudu dheweke sing ‘’winisuda’’ minangka ‘’tuladhan prayogi’’ ala Serat Tripama. Crita ngenani nasibe Sukrasana pancen nrenyuhake, nanging pranyata durung kuwawa nyengkakake ngaluhur si bocah bajang mau dadi sang hero. Aja maneh kok disengkakake minangka sang hero, sing dumadi malah pangalembana marang Sumantri sing mengkone kelakon nganggo jeneng Patih Suwanda amarga sinengkakake ngaluhur minangka wa­rang­ka dalem. Kaya dianggep manawa tumindak sing nerak marang rasa kamanungsan lan paseduluran iku bisa diki­patake lan dipendhem jero sauger gedhe labuh labete marang negara (ratu?). Di­anggep luwih mulya bisa labuh marang ratu gustine tinimbang njejegake paseduluran linandhesan rasa padha tresnane.

Uwal saka kanyatan sing tundhone diadhepi, ‘’sapa nandur ngundhuh, sapa nggawe nganggo’’ saengga akhire gugur ing tangane Rahwana, Sumantri pancen wis nuduhake manawa ngranggeh tatarane kawiryan mono kudu mawa pangorbanan. Ora perduli sing dikorbanake iku sedulur dhewe.

Semono angele entuk drajad satriya, nganti akeh sing ora kuwawa lan kasil ngranggeh. Ora sethithik uga sing banjur kejegur ing rasa pangigit-igit. Bambang Ekalaya sing kepetung positif nalika dheweke nduwe rasa pangigit-igit iku. Nanging ora ngono tumrap Aswatama.

Rumangsa anane dheweke mung dadi ecenane para satriya trahing Barata, Aswatama banjur nindakake manuver sing gawe tatu atine para satriya. Ing pungkasane Baratayuda, putrane Pandhita Durna iku kelakon mbuktekake manawa dheweke uga bisa nindakake pakaryan sing sasuwene iki mung dipercayakake marang para satriya: ngobrak-abrik pekuwone Pandhawa saisine.

Ora mung Aswatama. Ana maneh sing banjur kebacut olehe antipati marang para satriya. Para satriya dianggep barisane borjuis sing bisane mung gawe kapitunane liyan. Iku sing dadi adeg-adege Rama Bargawa. Dheweke nganggep menawa para satriya iku kang dadi tuk sumbere ruwet-rentenging kahanan. Ora ana dalan liya kanggone dheweke dimen bisa memayu hayuning bawana, kejaba amung nyirnakake para satria mau. Mula, kepethuk atriya saka ngendi wae, kapak sektine mesthi bakal nugel gulune.

Senajan mangkono, temene piwulang Jawa uga ora kurang-kurang anggone nuduhake kepriye mungguh kinerjane para satriya utama iku. Senajan nalika Baratayuda Bima uga nuduhake kewengisane, nanging nalika ngupadi kayu gung susuhing angin sarta ngupaya tirta pawitrasari, satriya Jodhipati iku wis nuduhake kaya ngapa satriya kudune tansah lila legawa lan sepi ing pamrih kanggo nggayuh manunggaling kawula-Gusti.

Ing kene, satriya Jawa kang paripurna iku kejaba pancen darbe keunggulan komparatif, uga nduwe strategi sing efisien lan efektif sarta sipat welas asih marang rowang lan mungsuh.

Luwih saka iku, ambeg para satriya, arepa sekti mandraguna, jroning tumindak kudu tansah pasrah sawutuhe marang Hyang Agung. Patrap iki kerep dipratelakake kanthi semboyan sing kondhang iku, sing minangka puncak spiritualitase wong Jawa ‘’Sura sudira jayanikang rat syuh brasta tekaping ulah darmastuti’’ utawa ing ilat Jawa anyar dadi ‘’Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.’’ Kanthi mangkone, temene satriya iku dudu predikat sing dimeliki utawa malah gawe mendem, nanging kualitas personal sing mesthine nyarira tunggal.

(Sucipto Hadi Purnomo/)

Amenangi Zaman Preman

DIAKONI apa ora, preman Jawa ana tenan, tur wis kaya langes lampu, metengi jagad. Anehe, ana sing seka lair pancen duwe gawan bayi dadi preman. Yen ing crita wayang, wong-wong ngene iki mesthi disimping ing sisih kiwa. Akeh-akehe preman mau lair kanthi rai abang. Jenenge wae kinanthenan tembung ”Dur”, ateges ala. Coba digagas, jaman trekahe Dursasana ngudhal-udhal kasemekane dewi Drupadi. Seka kisah iki, nganti tuwuh prajanji, sang dewi durung pati-pati adus kramas, yen ora nganggo getihe Dursasana —ateges ngenteni bedhahe Perang Baratayuda.

Ngono iku trekahe preman sing ndrawasi, merga kelayu napsu supiah, nganti nuwuhake dredah. Nganti entek-entekake nyurung nafsu aluamah lan amarah, merga rebutan lemah sing ora barokah. Pawadane mung rebutan Lenga Tala, ateges panguwasa, nganti tekan wanita. Watak premanisme Dursasana wis ngobong urube perang gedhe. Malah anehe uga dijurung dening kadang-kadang Kurawa liyane, utamane Duryudana, pengin ngukuhi bumi Ngastina. Kala-kala uga sok ana lakon carangan kang wose Kurawa njaluk bantu marang dewa-dewa sing jiwane katut ambyur dadi preman.

Lakon-lakon kayata Resi Cakrabawana, Begawan Kilat Buwana, Semar Mbangun Kahyangan, Wisanggeni Gugat, Pandhuswarga, Prabu Dasakumara, lan sapanunggalane —ora wurung ngemot premanisme dewa. Malah Bathara Guru wae asring katut pengin mitenah Pandawa. Najan pepuntone, dewa sing melu-melu preman mau kudu ndheprok merga diempoki Semar, kapokmu kapan!

Durung meneh yen nyemak kisah-kisah heorik Jawa liyane, jebul jagad iki wis dikepung preman. Paraga-paraga kayata Minakjingga, Dasamuka, Arya Penangsang, Jaka Puring, Kalasrenggi, Klana Sewandaka, Ken Arok, Dewatacengkar, lan sapanunggalane tetela tau ngrasakake jejer premanisme. Napas sudra lan angkara murka budi candhala sing ngisi keteging jantung preman. Dheweke mbokmenawa duwe gegebengan: ”Urip sepisan dijupuk manise, emoh rekasane.” Yen cara buta, dheweke pengin ”nguntal malang” isen-isening donya. Yen brangasan, ya pengin ngemperi jagad, pengin ngelun jagad saisine.

***

KIRAKU, tekan jaman embuh kapan, preman Jawa ora bakal entek. Watak ”Dur” (dur angkara, dur sila, durjana) isih akeh ngembangi donyane peprentahan iki. Pancen nyepet-nyepeti donya preman iku. Merga sipate preman sing ngumbar angkara murka, mburu sing cepak sinandhing, ngoyak sing enak kepenak, kelayu gebyaring pupu, kecopake iwak, lan kemrimpyinge dhuwit, wong-wong sing maune resik sok ketularan. Wong sing maune becik, malik ngluwihi maling. Lha koruptor treliyunan, milyaran, iku apa dudu preman kelas kakap?

Mangga wae. Sing genah, R Ng Ranggawarsita wis menehi pepeling, menawa negara Jawa iki wis akeh ”kaji-kaji mbanting kethu, wong alim-alim pulasan”, kaya kang kacetha ing Serat Kalatidha, preman saya ngembrah. Luwih-luwih, angger wong-wong wis dha seneng ”njupuki lompong seka papan jember, dienak-enik, dadi tamanan edi, iki wis cepak tanduke brahala.” Haratayah!

Coba digagas wawas sing wening. Piye ramutane kisah Brandhal Lokajaya, kang samengko nunggal misah karo Sunan Kalijaga? Samono uga Mas Cebolang ing Serat Centhini. Dheweke putrane Pendhita Akidiyat ing Sokayasa Banyumas, rupane nggantheng nanging nakale ngudubilah —gelem ngrampok lan dolanan asmara.

Satemene ora sithik kisah preman Jawa kang luwih degsiya. Kepriye trekahe Warok Suromenggala ing kisah Suminten Edan, kisahe Jaka Tingkir, Narayana Mlebu Maling, Samba Sebit, lan sapiturute —kabeh kelepetan napsu preman. Wong sing sekawit apik bisa malik. Kabeh napsu preman mau, kadereng seka rasa dhiri. Rasa kang manut Ki Ageng Suryamentaram sok ”mulur”, njur mungal dadi rumangsa sekti dhewe, kuwat dhewe, dhug-dheng samaladheng, sekti mahambara, njur sok mbalela. Wong-wong kang rumangsa linuwih, asring ketutupan mendhung atine, njur ana sing wani mbondhan tanpa ratu. Dheweke tegel njarah rayah, embuh kanthi peksan apa alus-alusan, nere padha wae bosok.

Preman Jawa sing wis gawan bayi lan sing salah kedaden mau, minangka simbolisme Jawa. Dheweke dadi sasmita lungit mubale hawa nepsu amarah, rupane abang mangar-mangar, kedadeyan seka getih, mapane ing kiblat papat lima pancer sisih kidul (duksina). Mula, wong-wong sing dha lali marang jejering dhiri mau sok diarani ora ngerti purwa duksina. Purwa (witan, wetan) utawa sangkaning urip lan duksina (napsuning amarah). Ora ngerti purwa duksina, ateges lali marang jejer kawitan (lor kidul), yaiku jaman ana emanasi Pangeran kang wis manjing ing jagade manungsa.

Jaman emanasi, manungsa iku kepanjingan dzat Jati, rumasuk ing roh ilapi (rasa sejati), mencar dadi 4 anasir, yaiku bumi, geni, angin, lan banyu. Menawa anasir geni kang mubal, ateges amarah kang paling menang, saengga nuwuhake jagad preman sing ora karuwan iku. Mula wis dadi sipating geni, pengin ngobong, pengin menang, pengin unggul, lan kadhang kala sapa sira sapa ingsun.

Yen amarah mau ketambahan napsu supiah lan aluamah, ndadekake pribadine manungsa gonjang-ganjing. Atine menungsa sarwa peteng, tanpa kendhali, njur nggrangsang, sok nggege mangsa. Napsu mutmainah kang dumadi seka anasir banyu, putih warnane malik bonteng-bonteng. Mutmainah kabotan ngusung lan ngendhaleni anasir lemah, geni, lan angin tumuju ing pancen (Gesang Kita Pribadi). Akibate, jagade manungsa saya botsih, ora harmoni. Yen wis ngene iki, kisah-kisah peteng sing kliwat ting jredhul watak mbrandhal, tegel maeka, ndhugal ora ketulungan, lan cemithak preman Jawa kang nggegirisi. Ora mung tega nyolong, ngrampok, lan ngecu, ning wong sing jiwa gentho mau gelem mulasara.

Lelakon ma-lima wis dilalap entek. Sajake weruh wutahing getih wis dudu apa-apa, sing baku dheweke ngeruk untung, najan atine buntung. Watak ala kang adigang-adigung adiguna, persis kidang ngendelake bisa mlumpat, kaya gajah ngungalke gedhene, lan kaya ula ngungaske upase mandi, jiwane malik ngangah-angah kang dipepundhi.

Satemene, wong Jawa wis duwe cekelan mbusak premanisme. Preman sing dadi leletheging jagad gelah-gelahing bumi, bisa dipapras tapis srana gegebengan luhur ing Serat Wulang Reh kang muni: ”dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasane, amendhaka yen na kang ngladaki, bapang den simpangi ana catur mungkur.” Dalane wong mulya, piguna, sekti, dudu seka anggone ngumbar hawa, nanging seka patrap andhap asor. Patrap susila anoraga, suthik nyimpen tembung-tembung trocoh (saru), lan tembung pisuhan. Gajege, ana tindak ala (bapang) lan jember (bathang), disimpangi.

Watak Jawa kang kasebut pungkasan iku, klebu nepsu mutmainah, merga dumadi seka banyu perwitasari, mrentul seka tlutuh kumalasari. Nalika campuring rasa mulya jalu-estri, mutmainah iku kang kajibah nuntun tekan pepadhang. Nepsu iki kang nyirep ubaling geni (amarah), ngeker kang dhemen nggedhekake puluk (aluamah), lan nggiring angin (supiah), tumuju ing rasa sejati.

Mula seka iku, premanisme Jawa bakal tingkes tapis, lamun Gesang kita Pribadi bisa nyekel kendhali, kaya lelagone Ki Dhalang: ”Bocah bajang nggiring angin, anawu banyu segara, pangirite kebo dhungkul, sasisih sapi gumarang.”

Tegese, bocah bajang iku pancering urip (pribadi) kang kasinungan roh joharmanikem. Dheweke bakal mekak nepsu papat, yaiktu nggiring angin (supiah), nawu banyu segara (mutmainah), pangirite kebo dhungkul simbole wong bodho utawa amarah, lan sasisih sapi gumarang (aluamah). Yen wis ngono iku, pancer bakal nyorotake cahyaning Panembah Jati lebar ki dhalang njogedake wayang golek (golekana wose), kanthi gegebengan: ”jaya-jaya wijayanti, sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti.” Kabeh kuwanen, kekendelan, watak degsura, ndhugal, preman lan sapiturte —ajure dening manembah jati. Njur tancep kayon. Kabeh pakarti ala becik, bener luput, satriya-preman, bakal kewiyak nalika manungsa wus nuju sangkan paran, jagad ginulung.

(Suwardi Endraswara, pengajar Filsafat Jawa, ing FBS Universitas Negeri Yogyakarta/)

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2008/12/14/375/Amenangi-Zaman-Preman

Wis Tekan Jaman Wolak-walik

ORA ngerti sangkan-paran, mak jegagik, kaya ngimpi awakku. Ngimpi sing wis paro wengi, puspa tajem. Jebul, uripku iki wis mancik jaman wolak-walik. Malik grembyang. Merga, akeh pimpinan sing kedanan lompong sethe, nganti kawulane kudu mbalung pakel. Kawula, pijer kopong, ndomblong, njur alok-alok hoseee. Hemm! Lha piye, ana priyayi sing udut, kang dimut malah nggon genine. Iku bebasane pemimpin jaman wolak-walik. Jaman akeh sing kewalik jagade.

Wis tekan jaman wolak-walik. Tekan janji suci, sajake. Kadhang, ramalane pujangga ki kaya kojahe ki dhalang: ndamu murub, mancal mubal, lan idu geni. Ramalane RNg Ranggawarsita kudu maujud. Ujare Ki Pujanga Agung: ”Lamun wong-wong wis dha njupuki apa ta apa seka papan jember, digawa menyang papan resik, dienik-enik, disawang-sawang, mengko akeh wong sing kuwalik paningale.”

Gagasen. Saiki akeh sing ngusung lompong seka papan jember, diwadhahi pot pengaji mayuta-yuta, dipajang ing teras. Ana lompong sing regane malik dadi yutan, dipajang ing kamar hotel, lan sapiturute. Piye wae, lompong iku lemes, bisa alum. Lompong iku ora bakal awoh mutiara. Paling ngundang uler. Tegese, barang sing seka jember iku, ya sok mung endah sawetara wektu, njur malik klipuk, reged meneh.

Ayo, diakoni apa ora, mangga. Mitraku seka luar Jawa, merga kudu sidhang ing Jakarta, disangoni yutan, akhire ing kutha gedhe iku ”golek kemul”. Lompong ta iki. Nggoleki kemul seka ”donya jember”, ora wurung dolanan lompong. Nuju sidhang ya mung kelingan lomponge, ngantuk. Lha rak wis adoh seka janjine biyen. Jare dadi lancure negara, jebul mung butuhe dhewe.

Tenan ora. Donyane priyayi kang (kudune) mimpin negara piye, coba. Ana ta sing kudune dadi suh, malah nyebar rerusuh. Priyagung sing biyen cedhak lumbung, ana sing mbambung, rak wiwit kewolak-walik ta? Lire, kudune para pemimpin mau melu udhu urun ngiseni lumbung, saiki wis akeh sing wiwit nawu lumbung. Akeh para pemimpin sing malah katut ”usung-usung lumbung”, kanthi korupsi, suap, beteke biyen anggone ngrebut kursi ya ngono, golek pepulih..

Tobat-tobat, soto babat campur trasi. Akeh pejabat sing saya nekad, saya kedanan kursi. Lhadalah! Tobil-tobil anak kadhal ngoyak anak cecak. Negarane dhadhal, yen akeh sing sawiyah-wiyah. E, bojleng-bojleng tenan kok donya nuswantara iki. Wong cilik sing biyen lungguhe dhingklik, oglak-aglik, saya mendelik. Wis tekan jaman wolak-walik iki. Akeh sing bingung , kewalik-walik pandelenge. Wis kepenak, njaluk kepenak.

Yen biyen, ana sing kuwat ngugemi gegebengan pemimpin Astha Brata, saiki sapa sing kuwat. Nglengkara. Najan konsep iki sok digembar-gemborke calon pimpinan, ning sok mung turah lambe. Uga ana cekelan pimpinan sing luwih sethithik, yaiku Tri Brata, emane ya wis dha dila­lekake. Cekelan Tri Brata, nuduhake pimpinan sing ora mung ndopok thok. Yaiku, pimpinan kudu nganggo watak (1) tanu brata, (2) ranu brata, lan (3) manu brata.

Tanu brata, iku watak (brata utawa laku) wantune pimpinan sing kaya tanu (godhong). Tegese, godhong iku kayadene lelagon Ilir-ilir, ijo royo-royo. Bisa ngayomi, mayungi, lan ngayemi. Godhog iku patrape alus, ledhung-ledhung, endah yen dinulu. Dheweke bisa asah asih asuh marang kawulane. Njur, kapan olehe bisa ngayomi, menawa golek adil paramarta wae angel. Kasus-kasus sing nyenggol wong dhasenan, nyatane mak plenthus. Perang mahasiswa nolak BHP, kawula nolak digusur, rakyat nolak PHK, lan liya-liyane akhire dha penthung-penthungan.

Ranu brata, iku bratane pimpinan sing kaya ranu (banyu). Banyu iku watake anyep, menehi rasa adhem. Banyu uga terus ngenggoni ngisor, andhap asor. Banyu uga ngrejekeni. Luwih-luwih sing jeneng udan, tanpa pilih kasih. Banyu iku pimpinan sing bisa manjing ajur-jer, tur alus. Mula, ana unen-unen lembut ngungkuli agal ngungkuli gunung. Tur meneh, banyu iku nguripi. Tumraping iwak, jelas nikmat ing banyu. Apa ana pimpinan sing kaya ngene iki, sewu siji mbokmenawa.

Manu brata, iku watake pimpinan kang manu (meneng). Manu ateges prihatin. Manu, uga asring nunggal misah karo manuhara. Tegese, nyenengake, ngelam-lami. Pimpinan kang nganggo watak manu, iku gelem nengenake tapa brata. Anggone ngembani negara srana alus, nengsemake, ora grusa-grusu, beteke sruwa-suwi lambaran alusing budi. Pimpinan sing dhemen olah tapa, kayata tapa ngrame, tapa mutih, tapa mbisu (mona), anggone mimpin cukup nganggo pasemon ”dhupak bujang esem mantri semu bupati sasmita narendra”. Kanthi mangkene, empan papan, sarwa ditrapake kanthi wijang, ora wor suh.

***

SATEMENE, calon pimpinan iku ora uwal seka padatan saben dinane. Yen saben dina kulina urip resik, mimpin uga resik. Gampange wae, yen kulinane mangan keclap, sendhoke kluthak-kluthik, tur jegang sisan, iki dadiya pimpinan sok clekopan thok. Sugih omong ning kothong. Dheweke sok wit gedhang awoh pakel, omong gampang ning buktine angel. Malah yen wis kepengkok pancabaya, kewiyak wadine, isih mencak-mencak, arep selak. Iki genah kena dayane jaman wolak-walik. Sing ijo bisa dadi abang. Lompong bisa dibopong-bopong. Najan wis ana sing mbalung pakel, tetep njangan gori. Ndableg.

Tumrap kadang-kadang sing kulinane turu njingkrung, modhel ”turu urang”, tur ngorok pisan, iki dadiya pimpinan uga sok ati dhondhong. Lire, njaba alus, omonge kaya mentes-mentesa, manuhara, jebul njerone ting srongat ora karuwan. Ngerti dhewe ta, urang kuwi awake bengkong terus, nganti wis digoreng tetep bengkong. Mbokmenawa, merga utege kurang landhep. Senengane, akeh bab sing ditutup-tutupi, njingkrung krung, kareben slamet dhewe. Tur meneh, ana ta unen-unen ”supit urang”? Wow, medeni, yen wis nyapit, durung pati-pati pethal, yen durung metu getihe. Cekak cukupe, dheweke seneng njoged ing banyu bening, ning uga ndhelik ing ngisor watu.

Pimpinan ngono iku persis kaya unine lelagon ”Aja sok gampang dadi wong manis, jebul amung lamis.” Katone, urang iku endah, manis, ning jebul sok kebak lamis. Mula seka kuwi, yen pengin duwe turun kang bakal dadi pimpinan agung ing nuswantara, kulinakna wiwit seka padatan ”mangan lan turu”. Yen anggone mangan wis ora trapsila lan olehe turu kurang becik, yen dadi pimpinan bakal ndrawasi. Sing mbilaeni, yen nganti dheweke kuwi ngedhekake ”aluamah”, uripe mung nggedhekake puluk, pijer mamah kang diudi —korupsi bakal ndadi. Bakal akeh lompong dikrobong-krobong, jebul isine mlompong.

Jiwa pimpinan uteg urang, uga pancen reged, kudu dikumbah. Yen dienengke wae, dheweke bakal duwe gegebengan ”madhep ngalor sugih, njangkah ngidul sugih.” Aji mumpung bakal ngembangi utege. Yen wis ngono iku, njur carane mimpin negara mung sluman-slumun slamet. Waton wudele dhewe slamet. Iki gandane pimpinan sing pijer sekuthon, pidak jempol, akhire ngglendem. Samengko, dhemen nglelithing lompong, dolanan bokong, moh medhun seka kursi. O. alah bapak balung pakel, najan akeh sing alok (reged) tetep ngeyel. Lompong mlebu ngomah, jane cen ”ompong” wegah salah! Huuu!

(Suwardi Endraswara/)

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/01/11/383/Wis-Tekan-Jaman-Wolak-walik

Kanca minangka Warangka, Angele...

ATI-ATI golek kanca. Ora kabeh bisa dadi kanca, ora kabeh pantes dikancani. Kepara ora sethithik sing malah perlu diwaspadani. Luwih-luwih ing jagad sing ngyakini ‘’ora ana kanca sing langgeng, sing langgeng mung kepentingane’’. Ana kurang begjane, dudu rowang sejati sing dientuki, nanging satru munggwing cangklakan.

Aja kumpul kebo gupak! Kuwi unen-unen sing kaprah. Tegese, aja kumpul utawa kekancan karo wong sing kulina tumindak ala. Srawung karo wong ala bisa marakake dadi melu-melu ala. Kosok baline, srawung karo wong apik bisa ketularan apike. Awor karo kebo, bisa-bisa kena gupakane, yen ora malah tlethonge.

Ana maneh sing kandha, golek kanca ing meja mangan kuwi luwih gampang. Karepe, luwih mayar golek kanca kanggo seneng-seneng tinimbang kanca sing bisa diajak bareng ngrasakake lara lapa utawa melu susah nalika kancane nandhang kesusahan. Sing ideal, mesthi wae kanca sing bisa melu ngrasakake seneng nalika sing dikancani seneng, nanging uga bisa ngrasakake susahe lan tuwuh rasa simpati sarta empatine nalika sing dikancani lagi nandhang dhuhkita.

Nyatane, ora kurang uga kanca sing angele ora mung nalika diajak susah, nanging uga angel diajak melu ngrasakake bungah utawa melu seneng. Ora sethithik kanca sing malah dadi ora seneng nalika sing dikancani nampa kanugrahan luwih onjo tinimbang sing ditampa. Rumangsa kungkulan, banjur thukul rasa merine. Saka rasa meri iku, banjur tuwuh sikap lan tumindak sing asipat destruktif.

Kuwi mau sing njalari banjur ana wae sing maune kanca kenthel, malik grembyang dadi mungsuh bebuyutan. Ana sing memungsuhane ora ngetarani, nanging ana uga sing olehe memungsuhan nganggo front terbuka. Malah merga wis padha kenale, merga wis tau padha rakete, luwih angel olehe ngudhari memungsuhan.

Seleksi Rowang

Pancen, sajroning bebrayan, wong urip butuh kanca. Kuwi minangka salah sijine saka guru kanggo njejegake ‘’khitah’’-e minangka makhluk sosial. Tanpa kanca, wong bakal kangelan mratelakake cipta-rasa-karsane, uga mujudake gegayuhane.

Mulane nalika mbabad Alas Tarik, ngedegake Majapait, Raden Wijaya mbutuhake kanca saakeh-akehe. Para panguwasa lokal, wiwit saka Ranggalawe Tuban, Lembu Sora, Kebo Anabrang, nganti tekan Nambi, kaimpun minangka kanca rowang; ngancani nalika babad alas, uga dadi saka guru adege Majapait minangka negara anyar.

Nanging ngimpun kanca semono akehe kanthi latar belakang lan tujuwan sing bisa uga maneka warna iku, pranyata ora gampang tumrap Wijaya lan mesthi wae tumrap tokoh liyane. Kanthi kanca rowang mau, pancen satriya sing disiya-siya dening rezim Jayakatwang mau kasil nyulap bumi Tarik dadi negara Majapait. Nanging bareng kabeh wis padha saiyeg saeka kapti ngedegake praja, siji mbaka siji saya katon afiliasine, saya cetha target-targete lan komitmene.

Sepisanan, katon banget nalika jumenengan patih amangkubumi Majapait. Mleset saka pangira-irane para saka guru, jebul Nambi sing dituding dening Wijaya minangka warangkane. Kamangka, yen ditandhingake karo saka guru liyane, Nambi durung apa-apa. Semono uga ing babagan gedhene labuh labet nalika Wijaya kudu ngadhepi mungsuh-mungsuhe.

Jumenengan patih amangkubumi pranyata dadi momen tumrap Wijaya kanggo nyeleksi, sapa temene kang pantes dianggep minangka kanca sejati, saliyane kudu nuhoni sesanti ‘’sabda brahmana ratu sepisan tan kena wola-wali’’. Tumrap Nambi dhewe, nampa pangkat anyar mau mujudake kanugrahan gedhe sing sadurunge ora kenyana-nyana. Mula sing ana ya mung gedhene rasa panarima sarta tekad kanggo nindakake jejibahan minangka patih kanthi satemen-temene.

Kosok baline Ranggalawe. Dheweke ora narimakake marang jumenengan mau, marang kawicaksanan sing netepake Nambi minangka pepatih amangkubumi. Tanpa tedheng aling-aling, ing sitinggil Majapait, Ranggalawe mblejeti sapa satemene Nambi. Ranggalawe uga ngkritik para saka guru sing bisane mung padha gedhek anthuk lan nggah-nggih tanpa wani matur apa anane marang raja Majapait. Kabeh dianggep mung golek slamete dhewe-dhewe.

Ranggalawe wis nuduhake sikape, sing tundhone marakake dheweke dianggep mbalela, mbeguguk ngutha waton, gajah mbradhat tanpa srati. Dening Anabrang, Sora dianggep minangka sratine Ranggalawe, mula banjur disraya ngendhakake Adipati Tuban iku.

Pranyata mbalelane Ranggalane dadi kayadene pambukane warana tumrap para saka guru liyane malik tingal saka Pabu Wijaya. Ora mung Ranggalawe, nanging uga banjur Sora lan kepara Nambi. Saka kanca rowang malih dadi mungsuh, saka dadi warangka malih dadi satru munggwing cangklakan!

Pancen, kanca sejati iku pindhane warangka tumrap curiga. Warangka kang apik tansah bisa rumeksa marang curiga, tansah kuwawa madhahi, satemah sing temene landhep ora katon landhepe lan nyilakani, sing mlengkung lan mawa luk ora ketara luk lan mlengkunge.

Nanging nyatane ora gampang. Tumrap Anglingdarma, Bathikmadrim ora mung kepernah sedulur, nanging uga kanca lara-lapa mula banjur kapilih minangka warangka, warangka dalem narendra Malawapati. Nyatane, sesambungan antarane ratu-patih iku ngalami pasang surut lan kebak intrik.

Banjur, yen ngono sapa sing bisa dadi mitra sejati, sapa bisa dadi kanca kang tansah ngerti marang sing dikancani, sing bisa dadi warangka tumrap curiga? Panakawan! Kuwi model sing ideal dhewe.

Ing jagad pewayangan, representasi panakawan iku ana ing jasad lan jiwane Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong tumrap ksatria bala Pandhawa —lumrahe Arjuna. Panakawan iku kebat ora nglancangi, dhuwur tan ngungkuli, apa maneh kok nyrimpungi lakune sing dikancane. Kepara jumurung laku: tutwuri andayani, dudu tutwuri anggondheli apa maneh anjegali. Asung pepadhang duk nalikane sing dikancani rumangsa peteng pikire, manehi panglipur nalika sing dikancani nandhang sungkawa. Uga bisa karyanak tyasing kanca. Mula uga disebut batur, sing kerata basane embat-embataning pitutur.

Nanging, sepisan maneh, pancen ora gampang nemokake kanca, apa maneh sing bisa didhaku minangka sedulur sinarawedi ñsaka tembung sinoroh wadi, tegese disorohake wadine. Luwih akeh sing mung bisa ngeler wadine kanca.

Mula, sing pinter olehe ngreksa kekancan. Kanca iku larang regane. Sawijining iklan rokok nyebutake ‘’teman sejati tak bisa dibeli’’. Nanging ‘’kanca dhewe’’ uga kerep dadi slogane para calon kampanye ing pemilihan kepungkur kanggo ngyakinake para calon pemilihe.

Satemene, golek kanca gampang. Sing luwih angel rumeksa marang kekancan. Lumantar face book, lumantar jagad maya, saiki sapa wae bisa golek kanca lan nyambung tali kekancan kapan wae kanthi jumlah tanpa winates. Nanging entuk lan ngreksa mitra sejati, kanca sing bisa lan gelem ngrangkani, angel setengah mati.

(Sucipto Hadi Purnomo/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/04/27/407/Kanca-minangka-Warangka-Angele

Nata Praja Rasa Kawula

NATA praja iku ora mung angger mrentah. Ora mung nglungguhi kursi lan nindakake jejibahane minangka kang wenang murba lan misesa kanthi sakabehing panguwasane. Nata iku temene bisa nampa lan ngreksa sakabehe, embuh (kang dianggep) ala, embuh (kang dianggep) apik. Bisa nata praja ye bisa ”njaga praja”.

Kasil mbabad Alas Glagahwangi, Raden Kusen ngedegake kadipaten anyar, Kadipaten Bintara. Adipati Natapraja sesebutane.
Sinengkuyung dening para ulama, mligine Wali Sanga, Natapraja kasil nggawa Bintara dadi praja anyar sing katon kencar-kencar. Wilayahe saya suwe saya jembar. Dhuwur kukuse, adoh kuncarane.
Suwene-suwe, ora mung dadi kadipaten, Bintara manjilma dadi keraton anyar. Kesultanan arane. Dene sing ngratoni nganggo sesebutan sultan, Sultan Fatah Jimbunningrat.
Fatah pranyata bisa nata praja, bisa gawe fondasi kang pengkuh tumrap negarane, negara anyar kang sadurunge mung dadi reh-rehane Majapait. Majapait, sing sekawit dadi tuk lajere, ditinggalake, kapara diperangi saengga ambruk. Sejarah khas Jawa nyathet ambruke negara Nusantara II iku kanthi sengkalan ”sirna ilang kertaning bumi” utawa 1400 taun Jawa.
Temene, Majapait meh wae ambruk nalika periode II dinasti bumi Tarik iku diregem dening Kalagemet. Sadurunge pancen wis bisa dietung manawa putrane Wijaya iku ora nduwe kapabilitas minangka raja. Ora mung tandang grayange sing tansah klelat-klelet, jumbuh karo jenenge, nanging uga nduwe watak sing kurang becik tumrap pemimpin: cegok aten lan nggugu karepe dhewe, kepara duwe watek sapa sira sapa ingsun.
Kalagemet sing ora liya ya Jayanegara iku pranyata gagal nata praja. Siji baka siji sakagurune Majapait methal, kepara banjur merong kampuh jingga. Ora tambah bala nanging malah saya tambah mungsuh. Klebu satru munggwing cangklakan. Klimaks-e, Jayanegara diperjaya dening abdine dhewe nalika sang raja gerah.
Gagale Jayanegara ora mung merga ora bisa nata praja, momong para kawula lan ngesuhi para nayaka, nanging uga ora kuwawa njaga praja. Jayanegara, sing kudune dadi payung agung tumrap para sentana lan kulawarga minangka intine praja, malah ngrusak prajane dhewe. Jayanegara gagal njaga prajane.
Njaga Praja
”Njaga praja” minangka pratelan idiomatik ngemu teges ora mung njaga praja supaya aman lan tentrem. Luwih saka iku, njaga praja uga ateges bisa nampa marang sakabehing kekurangan sing ana lan bisa mengku kekurangan mau. Kekurangan sing ana ora malah dibabar marang liyan, nanging cukup ”dingerteni dhewe”. Saliyane iku, kabeh tindak tanduke, muna-muni, uga tansah njunjung drajat marang awake dhewe, kulawargane, munggahe marang negarane.
Senajan kasil nata praja, Patah uga kegolong ora bisa njaga praja. Minangka putra, mestine dheweke bisa ”mikul dhuwur endhem jero” marang Brawijaya. Nanging dheweke malah ora. Bebasan ngemut gula, krasa legi dileg sapabrik-pabrike. Merga rumangsa sentosa jalaran disengkuyung dening para wali, Fatah malah merangi bapake dhewe kanthi maneka pawadan. Fatah sing nyengkakake Brawiaya lengser keprabon. Saora-orane iku sing dicritakake ing Babad Tanah Jawi.
Bali marang nata praja. Nata iku temene mernata supaya tumata. Kahanan sing maone pating blengkrah, pating slebar, utawa kocar-kacir, malih dadi tumata. Ora kosokbaline.
Nata ora mung ngerehake, utawa dadi pangreh praja, nanging uga among sahingga bisaa dadi pamong praja. Sawijining pamong iku ora mung bisa mrentah, ora mung dhawuh dangu, duka, utawa drana wae. Nanging kanthi spirit pamong, dheweke kudu tansah bisa nindakake gegebengan kaya kang diajarake dening Ki Hajar Dewantara: ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, lan tut wuri andayani.
Unen-unen iki pancen klise lan wis disumurupi dening wong akeh. Ewasemono, durung karuwanyen padha kelingan tegese. Mula ora ana eleke manawa perlu dielingake manawa sacara harfiah sesanti mau ngemu teges ing ngarep menehi conto, ing tengah mbangun tekad utawa karep, lan sing ana ing buri tansah nyengkuyung.
Nanging luwih saka kuwi kabeh, bola-bali manut panemune Ki Hajar, pemimpin lan mimpin iku yektine kawicaksanan (wisdom). Mula arepa kepriye cak-cakane, kudu tansah linambaran kawicaksanan mau, amrih ora dadi otoriter nanging dadine demokratis.
Banjur ing ngendi dununge panata praja iku? Ora kudu ana ngarep terus senajan pancen jejer minangka pengarep. Sebab yen ana ngarep terus sok-sok lali piye rasane yen ana tengah, apamaneh ana buri. Mula wong kang lagi nata praja iku kudune ya bisa manjing ajur-ajer senajan ora kudu mancala putra mancala putri.
Astabrata
Kanthi mangkono, wis samesthine manawa saben pamong praja nalika nata praja kudu tansah nindakake astabrata, laku wolu. Iku mono, ing jagad pewayangan, mujudake ajarane Rama marang Destarata nalika arep nglenggahi dhampar keprabon negara Ayodya utawa Begawan Kesawasidi marang Arjuna ing lakon Makutharama.
Sepisan, ngenut lakune srengenge. Lire, nduwe sipat panas, kebak energi, lan aweh dayaning urip. Loro, lakune rembulan sing nduwe wujud endah lan asung pepadhang nalikane peteng.
Telu, lakune lintang. Lire, darbe wujud endah, dadi rerenggan nalikane wengi sepi, lan bisa dadi pandoming keblat. Papat, lakune angin. Angin mono nduwe sipat ngisi saben papan kothong senadyan papan mau rempit dikaya napa. Lima, lakune mendhung. Katone ireng medeni, nanging yen wis tumurun dadi udan bakal nelesi lan nguripi saben tethukulan.
Nem, lakune geni. Geni mono jejeg lan saguh mbakar apa wae. Tegese, ora emban cinde emban siladan nanging ngadeg jejeg kanthi adil. Pitu, lakune samodra kang nduwe sipat jembar tan wangenan lan nampa apa wae. Lire, jembar wawasane lan bisa nampa apa wae kanthi ”dhadha kang jembar”.
Dene kang pungkasan, lakune bumi kang duwe watak sentosa lan suci. Mula pamong praja iku sabisa-isa kudu sentosa lair-batine nanging uga ora wigah-wigih nglunturake nugraha marang sapa wae kang duwe lelabuhan. Persis karo unen-unen ìsapa nandur ngundhuhî.
Sepisan maneh, kanthi ngenut laku wolu mau, istingarah pemimpin bakal kasil mbangun kawicaksanan kanggo nata praja lan uga njaga prajane dhewe. Ora mung bisa nuntut anane manungaling kawula-gusti, nanging uga manunggaling gusti ing rasane kawula. Utawa, dadi panguwasa sing kumawula, dudu kawula sing kumawasa, apamaneh mendem kuwasa. (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Sastra Jawa FBS Unnes/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/07/19/431/Nata-Praja-Rasa-Kawula

Ne(p)su sing Perlu

NALIKA sing diduweni lan diaji-aji dumadakan didhaku liyan, wis samesthine kita nesu? Nalika sing digantha-gantha lan diupakara jebul dirusak dening tangan culika, wis kudune kita nesu? Nanging ati-ati, merga yen waton nesu, bisa-bisa malah mbatalake laku.

Sabar iku perlu. Nahan hawa nepsu perlu. Nanging ora banjur ateges nesu iku ora perlu. Perlu. Wong perlu nesu, malah bisa diarani kudu bisa nesu. Coba bayangake yen ana wong lanang, mangka ngerti bojone lagi digonjak dening wong lanang liya tetep meneng wae. Sabar alesane. Mesthi bakal nuwuhake tandha pitakon, wong kaya ngono kuwi lanang tenang apa mung lanang-lanangan. Utawa, upama lanang tenan, dudu jinise wong lanang sing nduwe tanggung jawab.

”Sedumuk bathuk senyari bumi, cilik dijiwit anake, gedhe dijawat bojone, direwangi pecahing jaja wutahing ludira”. Kuwi unen-unen sing kudune dilabuhi saben wong lanang. Klebu, yen perlu kanthi nesu!

Merga apa? Merga kanthi nesu, temene dheweke lagi nuduhake tanggung jawabe. Uga kewanene. Sebab, mokal wong wani nesu yen ora nduwe kewanen.

Kewanen iku kang dadi landhesane. Kanthi kewanen, kanthi tanggung jawabe, kanthi nesune, pranyata dheweke bisa mratelakake dhiri minangka wong lanang sing ora mung ”rumangsa andarbeni”, nanging uga wani ”angrungkebi”.

Sanajan ”mung” nesu, ora angger wong wani nesu. Sing diwedeni ora merga nesune, nanging sapa sing dinesoni. Gampange, mokal wong bakal nesoni wong liya yen dheweke ora wani karo wong mau. Dene kewanen mau landhesane werna-werna. Upamane merga kekuwatane sing luwih onjo tinimbang sing dinesoni utawa pangkate sing luwih dhuwur. Saora-orane padha. Saupama pangkate luwih endhek, mesthi ana alesan liyane. Yen ora? Nekad jenenge.

Nanging nekad uga ora mesthi ateges ngawur. Merga jroning nekad, sok-sok thukul kekuwatan anyar, kekuwatan sing sadurunge ora kenyana-nyana. Ewasemono, mesthi wae ora saben nekad bakal nuwuhake kekuwatan mengkono lan asile uga bakal apik.

Kekuwatan Triwikrama

Nesu pancen bisa kanggo nggugah kekuwatan sing sadurunge sumimpen. Mung kanthi nesu, kekuwatan mau ngejawantah. Kuwi yen ing jagad pewayangan asring diarani triwikrama.

Ing lakon Kresna Duta, Prabu Kresna disraya Pandhawa supaya rundhingan karo Kurawa. Disekseni para dewa, Duryudana saguh mbalekake Astina sigar semangka marang Pandhawa. Nanging bareng para dewa kondur makayangan, Duryudana njabel kesaguhane. Layang prajanjen kang wis ditapakastani narendra kekarone, disuwek-suwek. Setyaki, sing ngampingi-nganpingi Kresna, dipontheng-pontheng bala Kurawa. Kapara Duryudana uga aweh sasmita supaya adhi-adhine ngrangket Kresna.

Mesthi wae Kresna nesu. Saka nesune, titisane Dewa Wisnu mau banjur triwikrama malih dadi brahala sing gedhene sagunung anakan. Kurawa bubar salang tunjang katrajang ngamuke Buta Balasrewu sing ora liya malihane Kresna nalika triwikrama mau.

Ora mung Kresna. Prabu Arjunasasrabau uga bisa triwikrama nalika rumangsa dianggep sepele dening Sumantri. Dene Dasamuka, nalika klimaks anggone nesu, uga ngetokake penampilane sing nggegirisi: rai sepuluh utawa sirah sepuluh metu bareng saka awake. Bebarengan karo kuwi, kekuwatan sing ngedab-edabi uga metu.

Triwikrama, yen mirid saka tetembungane, ateges nyawijekake jagad telu manunggal dadi siji utawa telung pecak wis kuwawa nggulung jagade manungsa, jagade denawa, lan jagade dewa. Kanthi mangkono, ateges kekuwatan sing ana dadi matikel-tikel.

Nesu, kanthi triwikrama, pranyata fungsional. Fungsional kanggo nuduhake kekuwatan lan kawibawane. Kanthi mengkono, mungsuh bakal dadi mengkeret kewanene.

Yen ing jagading pewayangan nesu bisa diwujudake kanthi triwikrama, ing jagad kasunyatan, nesu bisa diwujudake kanthi maneka warna. Ana sing nesu kanthi ngamuk, nanging ora kurang uga sing nesu kanthi meneng. Nalika nesu marang sewenang-wenangi Walanda sing ngrampas aksese para blandhong manfaatake alas pejaten lan asile, Samin Surontika milih: meneng, meneb, mantheng, mijeni. Kuwi sing nganti seprene dadi gegebengane sedulur sikep.

Tumrap sing nduwe kekuwatan, bisa wae nesu kanthi ngamuk. Nanging kanggone sing ringkih utawa bakal kalah yen ngamuk, sok-sok mutung dadi pilihan. Iki uga mujudake ekspresine wong nesu, luwih-luwih sing dhasare nduwe watek cegok aten.

Yen ngamuk lan mutung akibate bisa asipat negatif, mesthi wae yen ngono ora kabeh nesu iku perlu merga ora apik. Apik kuwi bisa ditaker, ora mung saka niyate, ora mung saka lakune, nanging uga saka akibat sing ditimbulake. Telu-telune kudu bareng dadi takeran.

Upamane, nesu marang wong sing pancen ora bisa dinesone, ya kanggo apa maneh? Luwih becik energi sing kanggo nesu disalurake kanggo tumindak liyane sing luwih nduwe manfaat.

Ana maneh sing luwih perlu digatekake. Prayoga ora ngadhepi wong nesu kanthi nesu. Ibarate lenga karo geni, ketemu mesthi dadi mak bel. Yen wong nesu ketemu karo wong nesu, mokal karampungane dadi luwih apik.

Semono uga, ora gampang kepancing nepsu iku luwih utama tinimbang nesu. Jalaran saben nesu kerep-kerepe banjur dadi kurang waspada, yen orang malah dadi lali. Mula marang kang nesu, lumrah dikandhani supaya eling.

Merga kebranang ing nepsu, Arya Penangsang ora bisa ngendhaleni dhiri, satemah dadi lali manawa dheweke wis diwanti-wanti Sunan Kudus supaya ora nglungguhi dhampar sing wis dirajah. Semono uga nalika didhawuhi pasa patang puluh dina, ing pungkasane dina tetep wae kepancing nepsu lan nesune.

Klimakse nalika Adipati Jipang iku kudu perang tandhing lumawan Danang Sutawijaya ing tepining Bengawan Sore. Merga kebrongot saka nesune, dheweke lali manawa ora entuk nglangkahi kali gedhe iku. Akhire, merga lali, Arya Jipang nemahi pati mungsuh karo bocah sing manut petung ora ana apa-apane iku.

Nesu pancen perlu, nanging sisip sembire ana kurang begjane bisa mbilaeni. Nesu pancen perlu, kuwi yen bener niyate, yen pener pangreksane, lan apik uga akibate. Yen ora, mung gawe cabare laku, kayadene cabar-wigare para satriya nalika tapa merga ora kuwawa meper hardaning nepsu lan nesu. Sebab, nesu yen ora kepeneran, bisa-bisa malah gawe gedhe lan gumedhene sing dinesoni. (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Jurusan Bahasa dan Sastra FBS Unnes Semarang/)

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/08/30/444/Nepsu-sing-Perlu

Angele Kuwasa sing Nguripi


PANGUWASA pancen kuwasa. Ewasemono, panguwasa sing adil paramarta ora mung nuduhake kuwasane, nanging uga nuduhake fungsine minangka sing bisa ngayomi lan ngeyemi, bisa ngaruh lan ngrengkuh, ora mateni nanging nguripi. Ing kene iki banjur panguwasa kudu ngadhepi pilihan sing kala-kala angel, pilihan sing marakake ewuh oya ing pambudi.

Nalika ngadhepi Ki Ageng Mangir Wanabaya, Panembahan Senapati ngira manawa kanthi utusan Pembayun minangka ‘’dom sumuriping banyu’’, perkarane bakal rampung. Nyatane ora.
Pembayun pancen kelakon mlebu ing tlatah Mangir. Pembayun uga kelakon mikat atine wong lanang sing dianggep klilip tumrap Mataram.
Jebul, ora mung krenteg lanange Ki Ageng sing kepikat, nanging uga atine Pembayun. Pembayun tresna marang mungsuh bebuyutane ramane. Pembayun kelakon dirasuk dening Ki Ageng saengga ngandheg. Tekan semono, Pembayun banjur walaka manawa dheweke temene putrane Panembahan Senapati.
Ketang tresnane marang wong tuwa lan guru lakine, Pembayun banjur mbujuk kakunge supaya sowan ing ngarsane Panembahan Senapati. Angel kanggone Ki Ageng minangkani panyuwune garwane. Minangka panguwasa Mangir, dheweke kudu istikomah marang adeg-adege, merjuwangake laladan Mangir minangka bumi perdikan sing ora bisa direh dening Mataram. Nanging minangka mantu, dheweke kudu nuduhake bekti marang maratuwa.
Tumrap Panembahan Senapati dhewe temene ora gampang anggone tumindak. Pancen, nalika Wanabaya sumungkem ing pepadane, sirahe banjur dicandhak lan dibentusake ing watu gilang, ngemasi sanalika. Nanging mutusake tumindak kaya mangkono, temene ora gampang. Sadurunge, Panembahan rumangsa ewuh oya ing pambudi. Tata lair Wanabaya iku mantu, nanging tata batin dheweke satru.
Mula, jisime banjur dipetak ing panggonan loro. Saperangan awak ing jero beteng minangka tandha yen diakoni mantu, saperangan awak maneh dipetak ing jaba beteng minangka tandha manawa kepriyea wae Wanabaya iku mungsuh.
Mesthi wae pilihan sing ditibakake dening Panembahan dudu sing kalebu win-win solution. Merga ing kono ora ana siji-sijia sing menang. Pancen Panembahan kasil numpes mbalelane Wanabaya, nanging kudu nganggo cara sing ora bisa diarani gentle. Malah cara sing dicakake iku banjur dadi tipikal ‘’bujuk Mataram’’.
Pengayomane Brawijaya
Apa sing ditindakake dening Panembahan Senapati beda banget karo sing dipilih dening Brwijaya. Pindhane segara, ratu Majapait iku bisa nampa apa wae. Nalika para sunan kepingin nggiyarake agama anyar, sang raja tetep paring kalodhangan, malah ajang jembar sanajan wis urip-ngrembaka Hindhu lan Buddha.
Marang pasuwitane Kusen utawa Pecattandha, Brawijaya nampa, kapara paring bumi Terung. Marang Kasan sing mengkone jejuluk Raden Patah, nadyan wis disengkuyung dening para wali, Brawijaya tetep paring bumi Glagahwangi.
Nalika kabeh-kabeh sing direngkuh padha ngarepake Majapait, nalika kabeh-kabeh tumindake kepetung bisa ngringkihake kawibawane, Brawijaya ora banjur tumandang kanthi numpes reh-rehane.
Kabeh diaruh, kabeh direngkuh. Ora banjur dipithes, ora banjur digiles, senajan upama gelem bebasan suwe mijet wohing ranti. Ing astane Brawijaya, minangka ratu sing gung binathara, apa wae sing dikersakake mesthi kelakone.
Sebab apa? Sebab Brawijaya, manut ujaring kandha, kepengin netepi darmaning narendra kang ambeg adil paramarta, bisa agawe sing cedhak manglung sing adoh tumiyung. Panguwasa iku dudu sing bisane mung mateni, nanging kosok baline malah kudu bisa nguripi.
Panguwasa utawa pemimpin, adhedhasar konsep ajaran astabrata, ing antarane kudu awatak srengenge. Srengenge pancen panas, kapara minangka sumbere panas. Nanging panas iku temene sumbere penguripan.
Kanthi panase srengenge, gegodhongan bisa nindakake fungsine kanggo nganakake fotosintesis. Yen ora ana, mesthi wae proses sumebare saripati pangan sing disedhot lumantar oyod ora bakal lumaku kanthi sampurna.
Srengenge kanthi panas lan angete, bisa gawe awak sing sekawit rempuyungen katon giras-seger. Srengenge, kanthi sorot lan padhange, bisa gawe apa wae sing maone remeng-remeng utawa malah peteng ndhedhet, sanalika dadi padhang lan urip banjur katon cetha wela-wela.
Ewasemono, kabeh kudu mawa takeran. Panas sing ngluwihi kekuwatane sing ditamani, ora marakake dadi urip nanging malah dadi gosong. Saka gosong mau banjur dadi alum, suwene-suwe mati.
Padhang sing ngluwihi saka dayane pandeleng, ora marakake apa-apa dadi cetha nanging malah mblerengi. Yen mung blereng wae relatif ora apa-apa. Nanging yen banjur ngliwati wates, bisa ngrusak mripat yen ora malah nyebabake wuta.
Kanthi mangkono, temene nguripi lan mateni iku tipis banget watese. Pecak sing sekawit diarahake supaya bisa nguripi, sisip sembire ana kurang begjane, malah mung gawe pepati. Mula, sakabehing pecak, sakehing tumindak kudu linakonan kanthi kebak ing pangati-ati. Luwih-luwih nalika sing diayomi iku potensial dadi mungsuh munggwing cangklakan.
Sanajan jangkepe astabrata iku ana wolu, saora-orane watak srengenge iku kudu enggal-enggap dijangkepi kanthi watak segara. Segara iku ora mung jembar tanpa wates, nanging uga duwe watak bisa nampa apa wae. Embuh resik embuh reged, embuh sangkrah embuh barang sing nduwe kerta aji, kabeh ditampa. Ora mbedak-mbedakake.
Dadi panguwasa, minangka pengayoman, ora mung bisa mithes marang sing wis ringkih, ora mung nguripi sing wis katon urip lan ngrembaka. Nanging, panguwasa kudu gelem ngopeni apa utawa sapa wae.
Pancen ora gampang. Angel, apamaneh yen kabeh-kabeh sing dipimpin padha rebut bener, padha rebut eksis. Sanadyan mengkone, kanthi nglabuhi lan ngupakara sing dipimpin banjur ing wektu liya bisa dadi bumerang, ora apa-apa. Kuwi resikone dadi pengayoman. Yen ora, apa bedane karo wong dodolan, apa bedane karo sing pikirane mung waton mbathi! (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Kabudayan Jawa Jurusan Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semar/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/11/22/466/Angele-Kuwasa-sing-Nguripi-

Wajik Klethik Gula Jawa

Dening Sindhunata

SWARGI Ki Nartosabdho nate maringi pasemonan iki: Dadi wong sugih iku ora gampang. Mikir bandhane, ora bisa turu. Bingung, mapanake bandhane. Arep disingidake ngendi wae, kuatir konangan. Saking jibege, dhuwite banjur dijegurake ing jedhing.

Pancen kakean bandha iku murugake ati ora bisa tentrem lan marem. Beda lan wong sing ora sugih bandha, senadyan lawange dijarke mengo ngowoh-owoh, dheweke ora kuatir menawa omahe dileboni maling. Umpamaa maling arep nyatroni omahe, bandha apa sing bisa digawa? Wong sing ana ing omahe ya mung barang-barang sing ora ana regane.

Iku mau mratelake menawa ajine manungsa iki ora gumantung saka mbrewu lan lubering bandha. Mula ana kawicaksanan Jawa sing unine: Manungsa iku kudu luwih saka bandhane. Yen manungsa mung rebyeg kainteran ing kekarepan, mendah begjane yen omahe bisa dadi luwih apik, kamangka omahe wis gedhong magrong-magrong, utawa mendah gagahe yen duwe maneh montor sing kinclong, kamangka montore wis lima cacahe tur kabeh wis kinclong-kinclong wernane, manungsa kaya mengkono mau sejatine wis kelangan ajine.

Wong sing kedanan bandha iku ora nate marem. Persis kaya dene wong sing ngragas ing panganan. Nadyan wis mamah apa wae, isih terus ngelih. Kagandhulan bandha, urip iki dadi nggrenggiyek kabotan sanggan, pepindane uripe dadi sarwa ribed kesrimped bebed.

Kanggo wong sing kasrimpung ing bandha iku, para pinisepuh mbiyen maringi piwulang iki marang aku kabeh. Sepisan, wong kudu weruh ing tuju. Lire, apa ta sejatine tujuane uripku ing donya iki. Mesthine dudu kanggo nglumpukake bandha, ning kanggo nggayuh ajining dhiri lan tentreming ati. Saka kuna makuna aku ngreti, menawa ajining dhiri lan tentreming ati iku bakal bisa ginayuh, yen aku gelem ngelungake dhiri lan maringake saperangan bandhaku kanggo sapa sing mbutuhake. Banjur weruh ing tuju uga ateges weruh ing kasampurnaning urip. Cetha menawa kasampurnaning urip iku bisa dak gayuh menawa aku wani nglumpati urip iku, banjur mulih ing Sing Gawe Urip, sing gedhene ngungkuli sakabehing bandhaku ing donya iki.

***

Supaya ora kasimprung ing bandha, para pinisepuh mbiyen banjur paring piwulang kang kapindo iki: wong kudu weruh ing watese. Manungsa iku ora sarwa bisa, utawa sarwa mikolehi. Kabisan itu ana watese. Ngendi watesing kabisanku? Yen aku bisa mangsuli pitakonan iki, lakuku ora bakal ngalor ngidul tanpa tujuan. Bandha uga ana watese. Pribasane, aku ora bisa nglebokake prabot apa wae ing omahku sing mung cilik ukurane. Yen dak peksa-peksa, wewangunaning omahku mung dadi lan ora pantese. Parandene, yen aku isih tetep meksa, kudune aku nglegewa, menawa rasa srakah wis wiwit sumusup ing awakku. Pancen sumusuping rasa srakah iku alus, ora dak rasakake, weruh-weruh aku wis kebulet ing pepengenan sing ora ana watese. Mula yen aku sadhar, kapan rasa srakah iku wiwit nyusupi aku, aku banjur bisa nggepuk rasa srakah iku, sadurunge rasa mau mrambat lan nyrambahi sakabehing uripku.

Banjur, iki piwelinge para sepuh kang katelu: wong kudu weruh ing prelu. Pancen, manungsa iku kerep kajiret ing bandha lan prekara sing sejatine ora prelu kanggo uripe. Yen penganggoku akeh nganti turah-turah, kapan anggonku nganggo. Wong sing ora duwe, nganggone mung iku-iku wae. Ngonoa, dheweke sejatine luwih ngajeni penganggone tinimbang aku sing penganggone luwih-luwih. Aku mung nyimpen penganggoku ing lemari. Nalika aku arep nganggo, bingung anggonku milih. Tundhone, ya nganggo sing iku-iku wae. Coba penganggoku sing mung nganggur mau dak paringake liyan sing mbutuhake, rak banjur terus kajen merga dienggo. Lire piwulang sing katelu iku mratelake menawa apa sing dak duweni iki sejatine luwih akeh tinimbang sing dak prelokake. Katembungake liya: kapreluanku sejatine mung sethithik, mula aku ya ora prelu nduweni barang sing tundhone ora dak prelokake.

Ora ngugemi weruh ing tuju, weruh ing wates, lan weruh ing prelu, ya telung prekara iki sing mururagke wong kasandhung ing tumindak korupsi. Pancen, korupsi iku sejatine mung tembung liya kanggo sikep sing ora weruh ing ing tuju, ing wates, lan ing prelu. Kosok baline wong sing ngugemi telung prekara mau, dheweke bakal tinuntun sing marganing kabegjan lan katentremen, sing njalari dheweke bisa mbenerake paribasan iki: Wajik klethik, gula jawa, luwih becik dadi prasaja.
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/02/24/481/Wajik-Klethik-Gula-Jawa

Mlaku Awan Kepethuk Ula Mlaku Sore Kepethuk Sawan

SAJAKE wis tekan titi kalamangsa. Ora bisa dinyang. Wong Jawa bakal kepethuk lelakon seje. Sing luhur tambah luntur, lan sing asor dipupuri. Mlaku awan-awan kepethuk ula. Mlaku wayah sore akeh sarap sawan. Kloyong-kloyong wayang wengi kejeglong jugangan, akeh klabang kures kalajengking. Jare simbah, Jawa kuwi jawabe. Kok malik, Jawa kuwi ”jawal” lan ’’jambule’’. Mula, ora mokal yen wis akeh sing kepleset, kegodha rambut memak, pledhinge wentis kuning, kesenggol mendal-mendule cengkir gadhing. Akeh sing pengin ngudang wirang. Ora sah adoh-adoh. Pepundhen-pepundhenku sing bebasane lagi kaya wit nangka, bakal awoh ting grandhul, nyamplungane kandel, jebul awoh ciplukan. Akeh sing lagi kepama, kudune wit nangka iku nggalih, e e e, jebul kopong ciplukan. Sing kudune lungguh tata, kaya wit nangka, mbesuk kena kanggo ’’saka guru negara’’, godhonge ngayomi kiwa tengen, rontog kabeh godhong lan panga-pangen, kesamber barat gehde. Wusana, kawulane kudu kaya piyik kelangan babon, golek pangeyupan neng ngisor ciplukan. Murang tata tenan.

Piwulang luhur ’’golekana tapake kontul nglayang’’, akeh sing diplintir tekan ’’ngisor ciplukan’’. Piwulang lungit iki wis dirujag, dipoles-poles, dilipstiki, golek slamet. Tumindake saya nggaret lan nggraji atine rakyat. Plintir-plintiran tembung kaya dhadhung, diangkah nyrimpung. Nuwun sewu, embuh yen ’’si kontul bakal nglayang ngulon, bablas kesasaban mega-mega, njur lap, ilang kakedhepake’’. Embuh bakal menyang ngendi. Kontul-kontul iku wis tanpa tepak meneh. Kontul wis ora dhemen mencok ing tengah ler-leran sawah. Lha piye ta? Sawangen kanthi heneng-hening awas eling. Tenan. Sing ketoke ngguya-ngguyu, jebul dha nggembol watu. Kang katone tetembangan, rengeng-rengeng, uga madhahi kreneng. Priyagung luhur, sing katone mesam-mesem, alus putih kaya kontul, ning jebul atine dhandhang (ireng). Kabeh ngemu (ndhandhang) pamrih.
*****
YEN ngono, pancen wis wayahe wong Jawa nunggu tumetesing bun parak esuk. Nunggu tetesing madu, sang ’’Kusuma anjrah ing bawana’’, yaiku Ratu Adil, kusumaning jaman kang lagi lelana, njajah desa milang kori, samengko bakal jumedhul sawektu-wektu. Pawakane ngungkuli rembulan. Lire, bisa madhangi sajrone pepeteng. Nanging ora mbrongot sumelet kaya srengenge. Padhange rembulan riyeb-riyeb, ngemu surasa ting trecep. Ing swasana ngono iku, lelagon bocah ’’Dolanan Dhakon’’, bakal timbul maneh.

Dhakon? Ya, saiki wis dilalekake. Wis digenti facebook, S-M-S, lan samubarang sing gumebyar liyane. Iki pratandha wis kelalen ’’dhakon cacahe pitulikur’’. Woww, wong Jawa kuwi angger wis nggepok wilangan 27, gawat. Akeh kedadeyan, tanggal 27 Juli biyen dha rame ta? Tanggal 27 Mei 2006 ana lindhu gedhe. Pepundhen negara sedane uga tanggal 27 Januari, lan isih akeh meneh. Sing paling ngeres, wong Jawa mesthi kerep ngucap: ’’O, cah bodhone 27.’’ Njur ana meneh: ’’Yen isa ngalahake aku, tak sembah ping 27.’’

Eling, wong Jawa angger wis kegodha pi-tu, lagi dha nuwun sewu: kukur-kukur sirah sing ora gatel. Luwih-luwih yen nganti njeblos ing pakunjaran, nelangsa jero. Selagine pepundhenku sing kelayu pi-tu, dilabrak garwane tekan kantor ya kukur-kukur kok. Getun? Lagi neng hotel, ana sing diindhik garwane, njur diblak kotang, digedhor. Ana sing dilayangi nganti tekan pimpinane, akhire dilengser gara-gara 27. Yen ngono, pancen wis angel tenan golek pawongan sing kena kanggo panutan, bisa nggelar lan nggulung sasmita 27 iku.

Dak duga, ’’Sang Sasangka Jati’’, isih kaling-kalingan mendhung, nlempit ing walike angka gaib iku. Sapa sing kuwawa mbatang cangkriman 27 iku, kiraku sing bakal bisa bali marang lajere wit nangka. Bakal nggalih, oyode nyokot kuwat ing bumi pertiwi, ora mung ati ciplukan, gampang jebol, lan ora pati ngumur dawa. Cangkriman iku isih dawa ulurane. Yen klakon mbatang, kiraku bakal ngerti wewadine piwulang ’’bener lan pener’’. Wektu iki, isih akeh sing mung ngoyak bener thok, ning ora pati pener. Iki sing seprene wis gumlewang, dha disingkur. Mulane, jejeging adil sok isih neng lambe. Jati-jatine rembulan, kaendran, tangeh jumedhule yen isih peteng marang oncek-oncekane angka cangkriman.

***

Aku dadi kelingan karo Kinanthine mbakyu sindhen: ’’dhedhasare nagri iku, bener pener kudu lantip, aja pijer mangan nendra, sepi pamrih den kaesthi, pesunen sariranira, jejeging adil den udi.’’ Lamun bener iku isih cethek panlusure, ing negara iki durung bakal njedhul Ratu Adil. Yen lelakon bener, isih benere dhewe, benere kroni (gedibale), dudu bener sejati, ewuh aya. Iki sing sok njalari isih ana rereged ing batin. Isih kelepetan nepsu amarah. Ya iki kang bisa ngglundhungake wong Jawa angel diluk atine. Pijer golek pawadan mrana-mrene, luwih-luwih yen rada kepengkok, kepepet rembug. Luwih gawat meneh, yen ajining dhiri bakal keweleh, wah, wong Jawa sok pijer ’’gawe-gawe’’, dhandhang diunekake kontul. Wit ciplukan, diungal-ungalke, dianggep wit nangka. Toblas!

****

RATU Adil, iku jiwane lelana brata, tanpa pamrih. Yen gelem tapa, wis kegolong tapa ngrame. Wis gelem mbabar jati dhiri. Ora owel. Dheweke wis bisa mesu raga, mangasah mingising budi. Mula, bisa ngugemi mahambeg adil paramarta. Nuntun marang keslametan (salvation), yaiku sang mesianis utawa herucakra kawedhar. Ning, apa wis ana tandha-tandhane, bakal jumedhul? Kari nunggu, mbokmenawa ana lintang alihan, jumedhul Sang Sasangka Jati, kang jiwane profetik (prophet). Tindak-tanduke tanpa pamrih, nggunakake lungiding pangawikan Jawa.

Bareng daksarawidekake marang ’’Guru Sejati’’, jare isih dawa jangkahe lelakon iki. Bakal jumedhule Ratu Adil Kabudayan, kandhane, bebarengan sumilake pedhut ing negara rame. Ing negara rame, tansaya ngegla. Bakal akeh si Kanthong Bolong kuminter, rumesik. Nanging sejatine crobo. Bebudene dudu galihe nangka, ning nguwit ciplukan. Gampang mblendok, keblondrok. Merga ’’iman kuwat’’, nanging ’’imin bobrok’’. Samengko, isih bakal akeh wong memuji, njunjung-njunjung, nyembah-nyembah wong reged. Wong-wong isih kendel apus-apus, blak-blakan, dora cara, lan nganti nglabuhi dora-sembada.

Lole-lole, eyang Drona isih arep kumledhang. Bakal mikuwati umpak Sokalima. Percaya kena ora kena, yen eyang Drona bakal tetep adol omong sadalan-dalan. Samengko, bakal katon mblegudhuge, monyor-monyor, njur kesrimpeting laku. Omongane kang ’’lole-lole’’, dadi kendhit bundheting laku, angel udhar-udharane. Merga, para kawula Sokalima, akeh sing isih ngendhong melik. Yen anggone ngendhaleni kawula disendhal, bakal dhadhal.

Ana tembange bocah bajang nggiring angin, nawu banyu segara, pangirite kebo dhungkul, sasisih sapi gumarang, mangkene: Wus wancine padha dielingke, kang dha cidra, njur nglukar gorohe, tindak kang angkara, bakal mendha, malik kang utama. Kanca ayo kanca ayo aja dha sembrana, ayo muter cakra.Tembang kang daksaring bebarengan karo dewa nganglang jagad, nyangking bokor kiwa tengen iki, cumengkling ngajak-ajak nlusup ayang-ayang batin. Mbekmenawa iku jangka tanah Jawa, bakal dadi ungup-ungup jumedhule jaman kencana rukmi. Bakal dadi pangentase budi suci, sing wis saya panas, kaya gabah diinteri iki. Paling ora, yen cakra bakal mubeng kaya kitiran, njur eling leladining dhiri. Ora nganggah-angah ngranggeh tumelunge srengenge. Ora nggrangsang, kaya merang kobong kemratag, terus pengin nyakrawati mbaudhendha.

Ning ya kuwi, ditonton wae, saumure pari mratak ñ piye jumulure wit-wit nangka. Apa isih kena kanggo pencokan kontul nglayang? Njur ana Sang Sasangka Jati, sumorot ing sela-selane godhong nangka, nembus tekan ngisor ciplukan. Ayo maca tengara jati iki, sumitra! (35)

—Suwardi Endraswara, mulang Filsafat Jawa ing FBS UNY

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/02/24/482/Mlaku-Awan-Kepethuk-Ula-Mlaku-Sore-Kepethuk-Sawan


Sabtu, 20 Februari 2010

Kegodha Donya, Kuwasa, lan Kenya

MANUNGSA kuwi jebul pancen duwe nepsu brangasan. Nepsu iki bakal nyurung manungsa kelayu gebyar. Pengin donya brana, panguwasa lan kenya. Pengin menang-menange dhewe. Njur rumangsa amba jangkahe, nggedhengkreng lungguhe, emoh medhun, terus sok lali bibit kawit. Luwih-luwih yen pepenginan mau wis mbuta cakil, methakil, kemethak, lan sapa sira sapa ingsun. Ora wurung njur pengin ngemperi jagad. Semangat uripe tansah bojleng-bojleng prajaka belah jejegan iblis laknat, ngumbar hawa, nggugu karepe dhewe.

Watak brangasan kasebut bisa mbludag, merga ing awake kesinungan nafsu warna abang, kedadeyan seka anasir getih. Bab iki asring kempel dadi nepsu amarah, sing bisa mbrongot kekarepane sapa wae. Yen klakon kedilat geni amarah, jiwane kobar, malik dadi angkara murka, luwih-luwih yen lagi duwe panguwasa. Yen wis duwe kalungguhan, lumuh kungkulan. Ana sing nedya ngedan. Anehe, sing ngedan mau sok malah bisa dandan, ora kewudan. Ngono yen lagi ora apes. Yen lagi keplenyok, wow, kaya manuk kudanan njekutrut.

Nafsu angkara yen wis umeb, nggodha, rosane ngungkuli gunung njeblug, lan ndayani wong pengin nyakrawati mbaudhendha. Pengin numpuk raja brana. Lan sing paling mbebayani wong mau malik seneng ”SWS”, seneng wong (liya) sengsara. Yen ana wong liya kedhungsang-dhungsang, keplok. Ngene iki sok njalari ati tegel, tega, lan degsiya. Dheweke asring awatak ”SWM”, tegese susah wong (liya) mulya. Mula, ora mokal yen ana sing arep entuk kabegjan, serik, mrekitik, njur sok nggunakake nafsu bejate, neka-neka. Luwih nggegirisi meneh yen wong kasebut wis kesengggol ajining dhiri, rumangsa bakal kewiyak wadine, sok gelem nekad. Gelem nekak gulu, najan kudu nabok nyilih tangan.

Menawa manungsa wis kebrukan bandha lan kelayu donya, pancen sok ndleya. Gelem tuku panguwasa lan dolanan kenya. Dheweke gelem ngejur-ngejer dana kanggo kulak wibawa lan esem ngujiwat wanita. Dadi, kuwasa, kenya lan wibawa dikertaji aji nganggo donya, wani pira, dudu wani ngapa. Ing kene drajat pangkat semat nikmat, wis njalari wong Jawa tambah keparat. Tobil anak kadhal, wong kasebut sok keyungyun nikmat, endahe kahanan. Gajege, angger apa-apa keturutan, utamane wong priya, ora sethithik sing lali lajer uripe. Gampang kepilut tembung manis manuhara. Kesengsem megole bokong. Kelayu lambe tipis, pipi nyemburat abang maya-maya, ngelayoni. Luwih-luwih yen wis nyawang kali satengahe gunung kembar, kaya-kaya bisa ngelun kedhunge rasa.

Nyah-nyoh

Coba eling-elingen, jaman Jaka Tingkir wis dadi tamtama, piye? Gelem mlebu keputren ta, gandheng karo Rara Sampur, kang saiki dadi kisah Dhadhungawuk. Prabu Dipakusuma piye, uga lali, kegiwang Dewi Daruwati nganti nuwuhake lembu peteng. Adipati Cakraningrat nganti rebutan wanita kinyis-kinyis karo Pangeran Tejaningrat. Kisahe Sri Tanjung karo prabu Silakrama lan Tantri Kamandaka, malah saben wengi njaluk prawan. Samono uga kisah Yuyu Kangkang, wis, dhemen krubyuk sengok, hemmm.

Mangkono sapiturute isih akeh banget, angger priya wis bisa idu geni pancal mubal, anehe sok gampang kegodha kecopak iwak, kemrincinge receh, lan pledhinge wentis kuning. Wong lanang mau sok moprol, nyah-nyoh, lan sak-sok glogok marang kenya pepujane.

Godhong asem (sinom), pancen luwih nengsemake, timbang godhong garing. Kang dibledig, wong kasebut nikmating donya. Mula, saiki genti nepsu supiah kang ngrajani angen-angene. Aku njur kelingan gendhing ”Slendhang Biru” karyane Ki Nartasabda, ana larik sing muni: kedhep tesmak aku nyawang slendhang biru, lan sapiturute. Iki nggambarake priya sing ketlikung obahe slendhang, methoke gelungan, lan kedhep liringe kenya kinyis-kinyis. Uga geguritan ”Jaman” karyane Moh Yamin MS sing ana gatra kang muni: jaman maju wong urip sarwa kesusu, mlebu metu neng hotel nyandhing wong ayu. Gula dikruyuk semut, wis tuwa dha ra nyebut!

Lhadalah! Jebul akeh tenan ing bumi Nusantara iki, priya sing wis kekeceh bandha, linak-lijo, limbah-limah, lica-lingga tumindak nasar, nrejang sarak nyingkiri bebener. Katone, priya mau sing baku bisa nuruti wudele. Marem! Dheweke lali unen-unen: senenge mung sak klentheng, rekasane sak rendheng. Uh! Lamun ngene iki lumaku terus-terusan, mesthi wae uripe priya kuwasa lan wibawa, dadi nyandiwara, kaya ing ndhuwur panggung. Bakune, ”wong ngomah” ora ngerti, gedibal-gedibal diblebet lambene nganggo angka, wusana aman-aman wae. Karepe mbilung, iya ta. Lha Togog?

Kesrimpet

Wong sepuh biyen, jane wis sok mejang, jare godha kuwi luwih rosa. Yen nganti lena bisa tiba nistha. Ujare, wong lanang ki cen wedhus, yen diumbar, ndrawasi. Malah sing alok wong lanang ki ra beda kucing, yen didhepi gereh? Cen ”asem”! Wong lanang ki gampang kesrimpet padon tapih. Pokal sing penthalitan, sesidheman, lan dolanan mawa mau sok kekudhung, priya kudu duwe curiga, wanita, kukila, lan turangga. Isih kelingan ta, jaman Ken Arok bareng wis lungguh ing Tumapel, nglirik wae marang Ken Dedes. Dheweke mak dheg nalika weruh tapihe Ken Dedes nglingkap.

Kisah iki, dening Suparta Brata tau diukir dadi crita cekak sing sesirah ”Reca”. Ora beda karo Ajisaka, kang ora kuwat nyawang wanita sing lagi nutu pari ing lumpang, merga kesempyok angin, tapihe sumilak, ndudut ati lanang. Ki Ageng Mangir kang kelayu karo wanita desa sing lagi rewang, wusana digambarake nganggo lading kang ilang lap ing pangkone kenya iku. Samono uga Ki Ageng Pemanahan karo Nyi Ageng Giring, nuwuhake mitos degan ijo.

Wis, wis, wis! Sangertiku durung ana raja Jawa kang bisa uwal seka godha. Prabu Dasamuka bareng wis dhogdheng samaladheng, pengin remu-remu pipine Sinta, najan alasane ngupadi titisane Sri Widawati.

Prabu Maesasura sawise nguwasani kraton Guwa Kiskendha, uga keglibeng endahe rupa dewi Tara, putri kahyangan. Prabu Baka uga kedanan manis nejeme lathi Rara Jonggrang. Sajake, yen wis kedilat godha, ”iman” sok kuwat ning ”imin” sing ora kuwat.

Mula, yen kepengin uwal seka godha sing nyolok mata, wong tuwa biyen mrayogakake: Yen durung duwe panguwasa, njangkaha sing amba, yen wis duwe wibawa, nglungguhana trapsila. Yen durung nyandhing kenya meleka sing amba, yen wis duwe merema ning premana. Ulegane unen-unen iki nunggal misah karo gegebengane para luhur kang unine nulada laku utama, tumrape wong tanah Jawi, wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapapti, kepati amarsudi sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, lan sapiturute. Wose, yen pengin kalis seka godha, ngeker hawa nepsu kanthi tarak brata, iki sing abot.

Laku ngeker kanthi sesirik pancen abot. Kejaba butuh resik lair batine, uga ora asring cedhak-cedhak kebo gupak. Yen bisa ngugemi bapang den simpangi. Urip ora kudu mubra-mubra, dhemen ngemut legining gula. Ana gerongan salisir ing gendhing Jawa kang muni: garwa sang Sindura prabu, wicara tanpa karana, aja dolan lan wanita, tan nyata asring katarka. Yen cedhak karo kenya, kurang begjane nuwuhake pandakwa sing ora-ora, cubriya, lan nyenyamah. Isih arep diterus, emoh dalan padhang ta? O, wong salah bakal seleh. Bathang kuwi arepa disasabi, tetep mambu. Hih! (35)

(—Suwardi Endraswara, mulang Filsafat Jawa ing FBS UNY/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/05/11/411/Kegodha-Donya-Kuwasa-lan-Kenya