SINEBUT satriya, sapa sing ora seneng? Diarani duwe watak satriya, sapa sing ora mongkog ati? Ora amarga satriya iku kalebu kasta sing dhuwur —mung kalah dhuwur karo brahmana— nanging mung sing klebu ‘’janma kinacek’’ sing wenang entuk sesebutan iki. Ora mung amarga marisi ‘’trahing kusuma rembesing madu turasing amara tapa’’, nanging ngalami mobilitas vertikal amarga saka kualitas personale.
Pancen, dalan kanggo tumuju sebutan mau ora gampang. Luwih-luwih sing asale saka golongane pidak pedarakan utawa wong aceplik. Amarga apa-apane sarwa sekeng, mula pangudine marang apa wae, luwih-luwih bab panggulawenthah lan pamulangan, adhakane ya kurang. Ing swasana kaya mangkono, mesthi wae rada angel yen diarep-arep muncul pawongan sing duwe ‘’kelas’’ satriya, kejaba sing pancen bisa mrojol selane garu.
Ing sajrone bebrayan sing njunjung dhuwur sistem kasta, pancen pola rekruetmen pamulangan lan kelas sing dianakake ora uwal saka tetimbangan iki. Mulane senajan gedhe tekade olehe arep meguru marang Pandhita Drona ing Sokalima, Bambang Ekalaya tetep ora bisa ditampa. Alesane tandhes, Ekalaya ora duwe status satriya sing timbang karo para putra Kuru lan Pandhu.
Nasib sing kurang luwih padha uga kudu dialami dening Karna. Amarga wong-wong ngertine dheweke mung anake kusir, mula banjur akeh sing padha ngremehake. Karna dianggep ora pantes lungguh ngedhengkreng jejer karo para satriya liyane.
Nanging kabeh mau malah dadi pamecut tumrap Suryaputra. Uwal saka pinggete ati sing nuwuhake rasa pangigit-igit, dheweke kasil nuduhake kelase. Karna pranyata pantes lungguh pada endhek, ngadeg padha dhuwure karo para satriya liyane. Kapara ora mung palungguhan minangka adipati ing Awangga sing kelakon karanggeh, nanging ing Baratayuda dheweke sinengkakake ngaluhur minangka senapati perang —posisi sing dadi idam-idhamane satriya ngendi wae.
Ora Gampang
Pancen ora gampang nggranggeh gelar satriya. Lelakon sing dialami Sumantri nuduhake bab kuwi. Mudhun saka pertapan Argasekar, Sumantri temene wis buntas kawruhe sarta cukup sangune saka wong tuwane ya gurune dhewe, Suwandageni.
Nanging sedyane bisa ngenger marang Prabu Arjunasasrabau pranyata ora gampang. Jebul kabisan lan kasekten sing diduweni durung timbang karo panodhi sing diparingake dening sang Nata. Luwih-luwih nalika garwane ratu iku nyuwun bebana arupa diputere Taman Sriwedari.
Begja, dene lakune Sumantri ditutake dening adhine sing nduwe rupa ala iku: Sukasrana. Awit pitulungane sedulur sing temene tansah disiya-siya iku, si magang anyar kelakon ngudaneni pamundhute bendarane. Dene kanggo ancik-ancike Sumantri munggah menyang tlundhakane kawiryan, Sukasrana sing tampil minangka bempere. Uwal saka disengaja apa ora, kerise Sumantri sing maone mung kanggo agak-agak supaya adhine ora kinthil wae, tumancep ing dhadhane Sukasrana; dadi lan patine.
Ora Instan
Senajan semono gedhene pangurbanane Sukasrana tetep wae dudu dheweke sing ‘’winisuda’’ minangka ‘’tuladhan prayogi’’ ala Serat Tripama. Crita ngenani nasibe Sukrasana pancen nrenyuhake, nanging pranyata durung kuwawa nyengkakake ngaluhur si bocah bajang mau dadi sang hero. Aja maneh kok disengkakake minangka sang hero, sing dumadi malah pangalembana marang Sumantri sing mengkone kelakon nganggo jeneng Patih Suwanda amarga sinengkakake ngaluhur minangka warangka dalem. Kaya dianggep manawa tumindak sing nerak marang rasa kamanungsan lan paseduluran iku bisa dikipatake lan dipendhem jero sauger gedhe labuh labete marang negara (ratu?). Dianggep luwih mulya bisa labuh marang ratu gustine tinimbang njejegake paseduluran linandhesan rasa padha tresnane.
Uwal saka kanyatan sing tundhone diadhepi, ‘’sapa nandur ngundhuh, sapa nggawe nganggo’’ saengga akhire gugur ing tangane Rahwana, Sumantri pancen wis nuduhake manawa ngranggeh tatarane kawiryan mono kudu mawa pangorbanan. Ora perduli sing dikorbanake iku sedulur dhewe.
Semono angele entuk drajad satriya, nganti akeh sing ora kuwawa lan kasil ngranggeh. Ora sethithik uga sing banjur kejegur ing rasa pangigit-igit. Bambang Ekalaya sing kepetung positif nalika dheweke nduwe rasa pangigit-igit iku. Nanging ora ngono tumrap Aswatama.
Rumangsa anane dheweke mung dadi ecenane para satriya trahing Barata, Aswatama banjur nindakake manuver sing gawe tatu atine para satriya. Ing pungkasane Baratayuda, putrane Pandhita Durna iku kelakon mbuktekake manawa dheweke uga bisa nindakake pakaryan sing sasuwene iki mung dipercayakake marang para satriya: ngobrak-abrik pekuwone Pandhawa saisine.
Ora mung Aswatama. Ana maneh sing banjur kebacut olehe antipati marang para satriya. Para satriya dianggep barisane borjuis sing bisane mung gawe kapitunane liyan. Iku sing dadi adeg-adege Rama Bargawa. Dheweke nganggep menawa para satriya iku kang dadi tuk sumbere ruwet-rentenging kahanan. Ora ana dalan liya kanggone dheweke dimen bisa memayu hayuning bawana, kejaba amung nyirnakake para satria mau. Mula, kepethuk atriya saka ngendi wae, kapak sektine mesthi bakal nugel gulune.
Senajan mangkono, temene piwulang Jawa uga ora kurang-kurang anggone nuduhake kepriye mungguh kinerjane para satriya utama iku. Senajan nalika Baratayuda Bima uga nuduhake kewengisane, nanging nalika ngupadi kayu gung susuhing angin sarta ngupaya tirta pawitrasari, satriya Jodhipati iku wis nuduhake kaya ngapa satriya kudune tansah lila legawa lan sepi ing pamrih kanggo nggayuh manunggaling kawula-Gusti.
Ing kene, satriya Jawa kang paripurna iku kejaba pancen darbe keunggulan komparatif, uga nduwe strategi sing efisien lan efektif sarta sipat welas asih marang rowang lan mungsuh.
Luwih saka iku, ambeg para satriya, arepa sekti mandraguna, jroning tumindak kudu tansah pasrah sawutuhe marang Hyang Agung. Patrap iki kerep dipratelakake kanthi semboyan sing kondhang iku, sing minangka puncak spiritualitase wong Jawa ‘’Sura sudira jayanikang rat syuh brasta tekaping ulah darmastuti’’ utawa ing ilat Jawa anyar dadi ‘’Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.’’ Kanthi mangkone, temene satriya iku dudu predikat sing dimeliki utawa malah gawe mendem, nanging kualitas personal sing mesthine nyarira tunggal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar