NIYATE golek rewang kuwi supaya bisa sabiyantu pedamelan, sing abot dadi entheng, sing ora bisa ditandangi bisa rampung. Nanging, pancen ora gampang golek rewang. Apa maneh ing jaman kemajuan teknologi informasi lan komunikasi saiki, para rewang bisa tilpun-tilpunan, tukar nasib lan kahanan, crita ngalor-ngidul, sabanjure mothah marang bendarane njaluk undhakan bayaran lan sapanunggalane. Bendarane ora bisa suwala jalaran ora gampang golek rewang. Mula, saiki ana unen-unen bendara kudu manut karo rewange. Yen ora manut, malah bisa cotho dhewe. Sanajan saben dina ngelus dhadha merga rewange ora sigap nyambut gawe, bendara tansah ngetung lan metung sadurunge kapeksa mecat rewange.
Kuwi rewang kanggo rumah tangga, bebrayan. Kepriye mumete golek rewang sing bisa mbiyantu nyekel pusaraning adil, mobah-mosiking negara? Dudu rewang sembarang rewang, salah milih malah bisa gawe wirang!
Kamangka, kanyatan akeh yuyu katut kepilih dadi kapitan. Akeh wong sing mesthine dadi panuntun, pantes tinulad, priyagung luhur, malah dadi tukang catut. Bisa nyapit ngiwa nengen. Bisa nylesep marem nyes ing panggonan teles, nanging bengok-bengok yen ing panggonan garing. Akeh tukang golek slamet, bisa mrana-mrene saperlu ngeruk kauntungan.
Sing nedya kapilih dadi rewang kuwi dudu wong baen-baen. Wong-wong sing padha nguwasani loji lan tetunggangan warna-warna. Wong-wong sing rumangsa wis nandur budi, jasa, lan rumangsa darbe hak melu nempil kamukten dadi panguwasa. Mula, ora usah ngeling-eling janjine wong-wong mau nalika sadurunge kapilih. Mundhak lara ati. Anggep wae barang wis kebacut!
Andhe-andhe Lumut
Sang satria pinilih saiki kadya Andhe-andhe Lumut. Akeh Kenya sing padha ngunggah-unggahi. Ora mung merga pasuryane sing ngedab-edabi, nanging uga dhampar kencana sing tansah luber, bisa lelumban mukti wibawa.
Siji mbaka siji diseleksi. Kleting Biru maju nggawa agul-agul pinisepuh sing wis kondhang kaonang-onang. Malah sadurunge maju pinisepuh mau wis sapatemon karo Andhe-andhe Lumut jare ngrembug nasibe bangsa lan negara. ”Tumrap Kleting Biru, kalungguhan ora wigati, sing penting ayo tumandang dimen mbesuk ana owah-owahan,” kandhane.
Kleting Ungu maju kanthi mangu-mangu. Rumangsa kalah prebawa karo Kleting Biru, dhewekke adol sentimentalisme pluralitas. ”Aku percaya Sampeyan sing kuwawa mayungi sakabehe kepentingan lan gegebengan. Mula, aku ora tidha-tidha mrih raharjane sasama,” kandhane.
Kleting Abang nampa giliran. Mlirik kana-kene nyawang kahanan. ”Ora ana sing mokal ing donya iki. Kabeh ora ngerti apa kang bakal linakonan,” kandhane.
Kleting Kuning salah-tingkah jumangkah kaya prawan kampung diambung sepisanan. Ndhingkluk karo ngitung ambegan. Sabanjure, ”Kenangan pancen endah lamun dianyam, apa maneh sadurunge manjing ing tilam pagulingan. Nanging, kaendahan sejati ora dumunung ing alam pangimpen. Kenangan uga bisa jahat banget jalaran tansah ngreridhu laku nalika kita umpamane ora bisa bareng mlaku...eh lungguh kursi...eh mlaku...,” kandhane melankolis banget.
Kuning, warna sing nggawa werdi jujur, mulya, lan tanggung jawab kuwi kaya-kaya ora trep cumondhok ing anggane Kleting Kuning. Kamangka, Bangothonthong wis wegah myang marcapada, kepenak angler ing suralaya. Sapa sing kudu dadi parang pitakonan?
Kleting Ombyokan teka sawadya balane, regudugan. Banter-banteran nyuwara dimen bisa kareken sang bagus. ”Ayo, ayo, ana dum-duman. Awas, yen aku ora keduman. Ayo, ayo, melu, melu, ... melu!”
Kaget Andhe-andhe Lumut. Luwih kaget maneh nyawang kahanan. Jebul kok kabeh kairing Yuyu Kangkang?
Kuwi crita rakyat sing kebak pralambang. Pancen ora ana sing nglarang wong duwe kapercayan dhiri. Nanging, yen paham ing donya iki akeh sing nyalawadi (misteri) lan manungsa kuwi titah sing paling nyalawadi, kapercayan sing kliwat wates bisa dadi bumerang. Sing ngunggah-unggahi lan sing diunggah-unggahi kudu padha prayitna, metung lan ngetung kekuatan liya.
Sing diunggah-unggahi aja dumeh lanang, ”ala-ala menang”. Budaya Jawa ngandhakake sing menang aja dumeh menang, tumindake banjur sewenang-wenang. Aja mumpung kuat lan gagah, njur tanpa arah-arah. Kemratu, gemagus, kementhus, ngandhe-andhe lumut, bisa ingaran sewenang-wenang lan tanpa arah-arah.
Kamangka ana unen-unen janma tan kena kinira. Janma jroning ìkonteksî iki kawaca kekuatan. Jroning ngunggah-unggahi lan diunggah-unggahi utawa sawalike, lamaran, tamtu ana pitukon lan bebana. Pitukon lan bebana bisa dadi sarana kanggo nodhi antebing tekad lan gedhene katresnan, nanging bisa uga mung cara nulak alus, kapara njlomprongake.
Wis salah kaprah ing jagade politik, lelamisan dadi kebiasaan. Wingi ketemu anu, saiki ketemu ani. Saiki melu anu, mbesuk melu ani. Malah ora mokal anu ketemu ani. Sing angel, anu-ani una-ina ketemu rakyat!
Kamangka, rakyat kuwi sing duwe kekuatan sejati, dudu partai-partai lan pinisepuhe. Kekuatan sejatine rakyat kuwi sing bisa mothah, ngocar-acirake panggung sing ngusung lakon Andhe-andhe Lumut mau.
Etika Semu
Para petinggi sing nedya gegandhengan ati prelu tinarbukane pamawas, apa maneh magepokan karo nasib bangsa lan negara. Ora mung precaya marang unine lathi, nanging uga bisa lan gelem mbongkar samubarang sing isih siningidan. Katone menehi iguh pratikel, nanging linambaran kepentingane dhewe.
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/08/02/436/Ora-Gampang-Golek-Rewang

Tidak ada komentar:
Posting Komentar