Selasa, 23 Februari 2010

Ngarep-arep Koretan sawise Entek-entekan

UPAMA tumrap apa-apa iku gelem samadya wae, luwih-luwih sacukupe lan sabutuhe, mbokmenawa ora perlu nganti entek-entekan. Nanging ya ora lidok ujare adhaplok, ”Melik iku nggendhong lali.” Amarga melik bisa keranggeh targete, ngantiya entek-entekan, bebasan tumpes tapis tanpa tilas ya tetep dilabuhi.

Perkara entek-entekan, mesthi wae lelakone Pandhawa bisa dadi kaca pengilon. Iki ora mung sepisan wae, nanging saora-orane ambal kaping pindho.

Sepisanan, nalika lakon Pandhawa Dhadhu. Rumangsa kebrongot dening panantange Kurawa, Pandhawa sing dipandhegani Yudhistira iku ngladeni apa ucape nak-ndulure. Kamangka, Kurawa temene didombani dening ”mahalicik” Patih Sengkuni.

Wiwitane sing ditotohake salumrahe wong ngabotohan, wong main dhadhu. Nanging suwene-suwe, apa-apa diudhokake. Wiwit saka bandha donya, raja brana, ganti tekan negara. Cilakane, Pandhawa sing lugu-lugu wae iku anggone ngecakake main dhadhu, kobol-kobol. Kalah sakabehe, sahingga apa sing diduweni kudu dipasrahake marang Kurawa.

Sing dadi klimaks-e, Pandhawa kudu ninggalake negara Ngastina —sing manut pranatan sing lumaku kudune dadi hake— lawase rolas taun. Sasuwene iku, Pandhawa kudu sesidheman, aja nganti konangan. Merga yen nganti konangan, kudu mbaleni maneh ”ukumane”.

Ketundhung saka bumi klairane, tanpa nggawa apa-apa, Pandhawa lagi ngrumangsani yen wis entek-entekan. Meh wae padha nglokro lan entek pangarep-arepe. Nanging begjane kok bocah lanang lima mau isih diemong dening ibune, Dewi Kunthi Nalibrata. Ya Kunthi iku sing asung motivasi marang putra-putrane supaya gumregah kanthi tumindak nyata.

Jebul, swasana entek-entekan lan pambombonge ibune dadi daya gedhe tumrap Pandhawa sing nduwe karep babad alas dhewe. Wanamarta, alas gung liwang liwung bebasan janma mara janma mati sato mara sato mati, kelakon dibabad banjur didegi negara anyar: Amarta.

Prastawa Kapindho

Mesthine lelakon kalah dhadhu nganti entek-entekan iku bisa dadi pepenget tumrap Pandhawa supaya ora ngaping-pindhoni. Nanging nyatane ora. Entek-entekan amarga kalah dhadhu iku durung sepiraa.

Kelakon ngembangake Amarta dadi negara gemah ripah loh jinawi lan kasil nglakoni ”ukumane”, Pandhawa bali ing Ngastina kanthi nagih warisan, nagih hake. Nanging akibate luwih gedhe tinimbang lelakon sing wis tau dialami. Dudu sesigar semangka Negara Astine entuk-entukane, nanging Pandhawa kudu ngadhepi Kurawa ing medhan Kurusetra: perang Baratayuda.

Sing diudhokake saiki ora mung bandha donya maneh. Uga ora mung negara maneh sing ditotohake, nanging uga urip lan pati.

Kedayan saka pratelan kang ngandhakake manawa Baratayuda iku dudu salumrahe perang, nanging perang suci, perang sing wis dadi jangkane para dewa, mula sethihik wae ora ana rasa mamang ing ati kanggo nindakake. Mangkat perang ateges nindakake tugas suci, netepi darmane satriya utama, mbrastha tumindak dur angkara. Mangkono sing cinandhi ing batine pihak Pandhawa. Dene ing pihak Kurawa, iku mujudake wektu kanggo ngrungkebi tanah wutah getih, mbelani sing wis paring boga-wastra, kamukten, lan kawibawan.

Ora kurang Bhagawadgita, lumantar bawarasa dawa antarane Arjuna lan Kresna, uga asung legitimasi marang ”perang suci” satemah dadi cekelan tumrap Arjuna madeg senapati, ngadhepi sedulur-sedulure dhewe.

Tenan, dina mbaka dina tumapake Baratayuda mujudake papan kanggo ngesokake bandha-donya lan jiwa raga. Lumantar Baratayuda, pancen Pandhawa akhire unggul perang. Nanging kabeh sing diduweni kudu diudhokake kanggo nggayuh kamenangan. Ora ana sing kesisa. Bandha-donya, garwa-putra, kabeh dadi korbane. Entek-entekan!

Apa sing bisa dikukub Pandhawa sawise menang Baratayuda? Apa isih bisa disebut kamenangan, yen ora ana maneh sing bisa dipurih? Banjur kanggo sapa maneh kamenangan iku yen putra-wayah, sanak-kadang, sarta garwa uga wis ora ana?

Astina, tata lair isih wujud negara, nanging yektine wis ora ana apa-apane. Kabeh wis rusak, kabeh wis entek.

Mula, kamenangan iku kamenangan sing sepi. Kayadene sepine para Pandhawa nalika siji mbaka siji akhire padha sowan ana ing pangayunane Kang Murbeng Rat.

”Nyawa Kliwatan”

Nanging untunge isih ana jabang bayi Parikesit. Isih ana ”nyawa kliwatan”, sing isih bisa diarep-arep bakal nyambung sejarahe darah Barata. Isih ana koretane.

Pancen, yen wis keli lan nguja marang kekarepan, sok-sok wong lali marang tembe buri. Lali manawa isih ana sing perlu disisakake kanggo anak putu. Kaya-kaya sing butuh urip iku mung sing ana saiki utawa malah mung awake dhewe. Mulane apa-apa ya banjur arep diuntal saendhegan.

Mentalitas gambling pancen gampang banget nyeret sadhengah wong notoh nganti entek-entekan. Cilakane, mentalitas kaya ngono iki ora mung thukul lan ngrembaka ing jiwane para ahli main wae, nanging ing batine para calon pangembate praja.

Ing tataran sing endhek dhewe wae ing tata keprajan, ora sethithik wong sing wani ngudhokake apa wae sing diduweni kanggo ngranggeh kalungguhan dadi lurah desa. Ora mung para calon lurah, nanging uga calon-calon liyane sing mbutuhake panyengkuyung lan iku tegese kudu diudhoni bandha-donya sing ora sethithik. Nek perlu utang kana-kene dilakoni, tanpa perduli piye mengkone olehe bakal mbalekake.

Nyatane, akhire luwih akeh sing kalah tinimbang sing menang. Kapara sing tata lair menang nanging njero ya dhedhel-dhuwel. Mulane banjur akeh sing padha ambuk tenan amarga entek-entekan mau. Pira sing akhire padha kelangan pengarep-arep, kelangan nalar ganep, kapara banjur kelangan nyawa amarga bubar entek-entekan: entek tenaga, entek bandha, entek pikiran.

Mulane, supaya sing ngalami entek-entekan ora banjur padha ngemasi, kudune sing permati olehe milang-miling bokmanawa isih ana sing kliwatan. Kayadene ing sawah nalika bar dipanen, tetep ana sing bisa diasag. Kayadene pangan ing omah utawa warung, arepa dakandhakake wis entek-entekan, tetep wae ana koretane. Ya koretan iku sing bisa nukulake pengarep-arep anyar.
(Sucipto Hadi Purnomo/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2008/10/05/355/Ngarep-arep-Koretan-sawise-Entek-entekan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar