Sabtu, 20 Februari 2010

Colong Jupuk lan Filsafat Sarung

Dening Suwardi Endraswara

MBOKMENAWA yen ana pakulinan ala tumrape wong Jawa, sing asor budine, seneng colong jupuk, merga gagal nyilemi filsafat sarung. Wong mau, kaya wis ginaris, kemecer weruh darbeke liyan. Luwih-luwih yen ana barang apik, anyar, larang regane, njur kemudu-kudu nduweni. Merga ora gableg beya, sok nekat, njupuk duweke wong liya, ora nembung. Ngene iki persis wedhus prucul diumbar ing pekacangan.

Bisa nyolong, kok umuk, marem, dhasar wedhus, ora sarungan! Ora urus, ora kelingan! Yen biyen, jaman kondhange paguron Jawa, pancen ana colong jupuk sing kanggo nodhi ngelmu. Lire, yen bisa njupuk darbeke liyan ora konangan, embuh kanthi aji panglemunan, sirep begananda, lan liya-liyane —bakune kanggo njajal awak. Yen kepeksane diamboni bogem mentah, didadah, didugang, lan dikepruki, ora masalah. Pancen niyate pengin nyoba atose wuleting kulit alote otot.
Emane, pakulinan ala ngono mau, saiki saya ndadra. Ana wong Jawa sing kepepet butuh, njur tumindak colong jupuk, embuh sing wujud: nyeler, ngecu, nyopet, ngutil, nyolong, ngunthet, nyathut, nyrobot, ngrampok, lan nggarong. Wong sing gelem ngene iki, adate kejaba kepepet, keblebeg utang, merga kawit cilik wis seneng climut. Cilike, seneng dolanan umpet-umpetan, uthut, lan dhelikan — ing ngelmu folklor Jawa diarani latihan maling. Ana sing anggone dolanan mripate dipitheng. Najan sekawit dolanan folklor iki kanggo nglatih kaprigelan, nglatih ganda rasa, ning suwe-suwe sok kebablasen, bareng gedhe kleru olehe ngecakake.
****
YEN pakulinan nistha iku mbabrak, njalari wong duwe jiwa clemer. Iku wong lali filsafat sarung. Sarung iku falsafah urip harmoni. Yen anggone nganggo diunggahke, ngisor wudel ketok. Yen diudhunke, ndhuwur dhadha melok. Yen cilik, wis dhemen slingkat-slingkut, gedhene ora sah kaget yen dadi brandhal, kecu, nggangsir, lan seneng nglimpe darbeke wong liya, merga sarunge mlotrok. Njur, ana wong lena sithik wae, bablas. Dheweke njur kasengguh dadi ”alap-alap” kampung, haratayah! Wong sing jiwane kebacut seneng ndhaku darbeke liyan ngono mau, yen kon nyekel pimpinan kampung munggahe tekan ngesuhi negara, cepet rubuhe. Ora wurung saben dina mung pengin piye carane korupsi, sing slamet!
Dhasar jiwane wis asor, ora imbang nganggo sarung. Yen nganggo sarung muwel-muwel, ngisor wudel, saru. Mula, wong sing jiwane brangasan, lali marang lajer sekawit, ora eling yen anggone sarungan iku ben necis, harmoni. Jaman emanasi, pencaring ruh seka Kang Akarya Loka biyen, getih abang iku dadi srana pikuwating karep, ning sok reged merga kadheseg nafsu ngambra-ambra. Wong sing kaya ngene iki, lamun kon nyekel panguwasa ”nggon teles”, kayata bank, KPK, kejaksaan, poltas, depsos, depag, lan dhepartemen liyane sing bisa nggo ngothak-a

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/09/27/450/Colong-Jupuk-lan-Filsafat-Sarung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar