Selasa, 23 Februari 2010

Angele Kuwasa sing Nguripi


PANGUWASA pancen kuwasa. Ewasemono, panguwasa sing adil paramarta ora mung nuduhake kuwasane, nanging uga nuduhake fungsine minangka sing bisa ngayomi lan ngeyemi, bisa ngaruh lan ngrengkuh, ora mateni nanging nguripi. Ing kene iki banjur panguwasa kudu ngadhepi pilihan sing kala-kala angel, pilihan sing marakake ewuh oya ing pambudi.

Nalika ngadhepi Ki Ageng Mangir Wanabaya, Panembahan Senapati ngira manawa kanthi utusan Pembayun minangka ‘’dom sumuriping banyu’’, perkarane bakal rampung. Nyatane ora.
Pembayun pancen kelakon mlebu ing tlatah Mangir. Pembayun uga kelakon mikat atine wong lanang sing dianggep klilip tumrap Mataram.
Jebul, ora mung krenteg lanange Ki Ageng sing kepikat, nanging uga atine Pembayun. Pembayun tresna marang mungsuh bebuyutane ramane. Pembayun kelakon dirasuk dening Ki Ageng saengga ngandheg. Tekan semono, Pembayun banjur walaka manawa dheweke temene putrane Panembahan Senapati.
Ketang tresnane marang wong tuwa lan guru lakine, Pembayun banjur mbujuk kakunge supaya sowan ing ngarsane Panembahan Senapati. Angel kanggone Ki Ageng minangkani panyuwune garwane. Minangka panguwasa Mangir, dheweke kudu istikomah marang adeg-adege, merjuwangake laladan Mangir minangka bumi perdikan sing ora bisa direh dening Mataram. Nanging minangka mantu, dheweke kudu nuduhake bekti marang maratuwa.
Tumrap Panembahan Senapati dhewe temene ora gampang anggone tumindak. Pancen, nalika Wanabaya sumungkem ing pepadane, sirahe banjur dicandhak lan dibentusake ing watu gilang, ngemasi sanalika. Nanging mutusake tumindak kaya mangkono, temene ora gampang. Sadurunge, Panembahan rumangsa ewuh oya ing pambudi. Tata lair Wanabaya iku mantu, nanging tata batin dheweke satru.
Mula, jisime banjur dipetak ing panggonan loro. Saperangan awak ing jero beteng minangka tandha yen diakoni mantu, saperangan awak maneh dipetak ing jaba beteng minangka tandha manawa kepriyea wae Wanabaya iku mungsuh.
Mesthi wae pilihan sing ditibakake dening Panembahan dudu sing kalebu win-win solution. Merga ing kono ora ana siji-sijia sing menang. Pancen Panembahan kasil numpes mbalelane Wanabaya, nanging kudu nganggo cara sing ora bisa diarani gentle. Malah cara sing dicakake iku banjur dadi tipikal ‘’bujuk Mataram’’.
Pengayomane Brawijaya
Apa sing ditindakake dening Panembahan Senapati beda banget karo sing dipilih dening Brwijaya. Pindhane segara, ratu Majapait iku bisa nampa apa wae. Nalika para sunan kepingin nggiyarake agama anyar, sang raja tetep paring kalodhangan, malah ajang jembar sanajan wis urip-ngrembaka Hindhu lan Buddha.
Marang pasuwitane Kusen utawa Pecattandha, Brawijaya nampa, kapara paring bumi Terung. Marang Kasan sing mengkone jejuluk Raden Patah, nadyan wis disengkuyung dening para wali, Brawijaya tetep paring bumi Glagahwangi.
Nalika kabeh-kabeh sing direngkuh padha ngarepake Majapait, nalika kabeh-kabeh tumindake kepetung bisa ngringkihake kawibawane, Brawijaya ora banjur tumandang kanthi numpes reh-rehane.
Kabeh diaruh, kabeh direngkuh. Ora banjur dipithes, ora banjur digiles, senajan upama gelem bebasan suwe mijet wohing ranti. Ing astane Brawijaya, minangka ratu sing gung binathara, apa wae sing dikersakake mesthi kelakone.
Sebab apa? Sebab Brawijaya, manut ujaring kandha, kepengin netepi darmaning narendra kang ambeg adil paramarta, bisa agawe sing cedhak manglung sing adoh tumiyung. Panguwasa iku dudu sing bisane mung mateni, nanging kosok baline malah kudu bisa nguripi.
Panguwasa utawa pemimpin, adhedhasar konsep ajaran astabrata, ing antarane kudu awatak srengenge. Srengenge pancen panas, kapara minangka sumbere panas. Nanging panas iku temene sumbere penguripan.
Kanthi panase srengenge, gegodhongan bisa nindakake fungsine kanggo nganakake fotosintesis. Yen ora ana, mesthi wae proses sumebare saripati pangan sing disedhot lumantar oyod ora bakal lumaku kanthi sampurna.
Srengenge kanthi panas lan angete, bisa gawe awak sing sekawit rempuyungen katon giras-seger. Srengenge, kanthi sorot lan padhange, bisa gawe apa wae sing maone remeng-remeng utawa malah peteng ndhedhet, sanalika dadi padhang lan urip banjur katon cetha wela-wela.
Ewasemono, kabeh kudu mawa takeran. Panas sing ngluwihi kekuwatane sing ditamani, ora marakake dadi urip nanging malah dadi gosong. Saka gosong mau banjur dadi alum, suwene-suwe mati.
Padhang sing ngluwihi saka dayane pandeleng, ora marakake apa-apa dadi cetha nanging malah mblerengi. Yen mung blereng wae relatif ora apa-apa. Nanging yen banjur ngliwati wates, bisa ngrusak mripat yen ora malah nyebabake wuta.
Kanthi mangkono, temene nguripi lan mateni iku tipis banget watese. Pecak sing sekawit diarahake supaya bisa nguripi, sisip sembire ana kurang begjane, malah mung gawe pepati. Mula, sakabehing pecak, sakehing tumindak kudu linakonan kanthi kebak ing pangati-ati. Luwih-luwih nalika sing diayomi iku potensial dadi mungsuh munggwing cangklakan.
Sanajan jangkepe astabrata iku ana wolu, saora-orane watak srengenge iku kudu enggal-enggap dijangkepi kanthi watak segara. Segara iku ora mung jembar tanpa wates, nanging uga duwe watak bisa nampa apa wae. Embuh resik embuh reged, embuh sangkrah embuh barang sing nduwe kerta aji, kabeh ditampa. Ora mbedak-mbedakake.
Dadi panguwasa, minangka pengayoman, ora mung bisa mithes marang sing wis ringkih, ora mung nguripi sing wis katon urip lan ngrembaka. Nanging, panguwasa kudu gelem ngopeni apa utawa sapa wae.
Pancen ora gampang. Angel, apamaneh yen kabeh-kabeh sing dipimpin padha rebut bener, padha rebut eksis. Sanadyan mengkone, kanthi nglabuhi lan ngupakara sing dipimpin banjur ing wektu liya bisa dadi bumerang, ora apa-apa. Kuwi resikone dadi pengayoman. Yen ora, apa bedane karo wong dodolan, apa bedane karo sing pikirane mung waton mbathi! (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Kabudayan Jawa Jurusan Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semar/)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/11/22/466/Angele-Kuwasa-sing-Nguripi-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar