YEN aku nulis ing e-mail —politik kuwi reged, mesthi ana sing kobong jenggote. Abang kupinge. Utamane, para kadang sing lagi ngelus-elus jago. Ning mangga wae. Jer aku uga isih kelingan karo gagasane Geertz (1964), jaman nulis adu jago ing Bali. Dheweke nganti udakara 15 taun mbenem ing Bali, pengin ngerteni tenan bab adu jago.
Tetela, manut dheweke kuwi —donyane adu jago, pancen sok jibrad reged, kebak krenah. Ora beda karo jagad politik bumi nusantara iki. Mula, kanthi kendel dheweke nulis buku kandel sing judhule Negara Teater. Wose, adu jago ing Bali mau ora beda karo kiprahe wong sing lagi rebutan panguwasa. Sing jeneng ngrebut kursi, ora beda karo trekahe kadang-kadang kang nglelithing jago. Kabeh pengin golek cara, piye nelukake, sokur mithes, nekak, lan mbeleh jago-jago liyane. Njur jagone dhewe sing unggul, metengger, kluruk, lan rumangsa paling ampuh.
Ra sah kaget, ing negara tater iki, blithuk-blithukan, dodolan wedhus ireng, cuwil-cuwilan tempe garet, wis lumrah bebasane. Ning tetep wae, yen bisa kowe sairis cilik, aku sing gedhe, kandel —iku skenario teater. Akeh aksesori panggung. Iya ta? Arep selak, mangga, buktine, ana sing jagone didusi banyu kembang. Ana sing dipasangi taji. Ana sing dilus jenggere, ben kendel tarung. Kabeh dijak nladhung. Hihhh, ngeri drama iki! Drama jaman sableng.
***
BIYEN sing jeneng nggayuh dhampar, sok direwangi sesumbar. Njur lali yen satemene wong sesumbar iku jane duwe pengapesan. Dakwenehi conto, Buta Cakil kae yen sesumbar mesthi nganggo bojleng-bojleng prajaga belah jejegan. E, jebul dheweke kuwi sok mati seka kerise dhewe. Maksude, kabeh mungsuhe dianggep nol kuthol, mung awake dhewe sing paling kuwat, landhep siyunge. Ora ketang bar perang kembang, klipuk. Kalah!
Bomanarakasura, jaman arep ngrebut Wahyu Senapati seka tangane Gathutkaca, woww, sumbare rumangsa dhogdheng samaladheng, sapa sira sapa ingsun. Nganti bathara Kresna sing dadi bapake Bomanarakasura uga katut kobong, kudu nggunakake ucap-ucap: Ingwang suksmana adi linuwih hong buwana langgeng. Jrone politik, ewang-ewangan, tegel-tegelan, sajake wis dudu barang anyar. Buktine, Kresna tega nigas janggane Gathutkaca, beteke nglabuhi anak. Ning kabeh mau dirampungi dening Resi Seta, gurune Gathtutkaca, nglabrag Kresna lan Boma sing dianggep kurang ajar.
Samono uga jaman lakon Antasena Ratu, piye, yen ora dijunjung Gajah Antisura rak ora kuwat ta dha lungguh kursi? Yen ngono, panguwasa iku pulung, sing dijunjung Abimanyu. Wis ngerti ratu iku kudu wahyu, yen dirujag nganggo mbejujag, negara dhadhal, kawula alit dha kraket wetenge. Isih begja, yen ora kebacut —amit sewu, modar ting glangsar.
Yen dakrasakake, ora mung wayang brangasan sing dhemen sesumbar, ning uga paraga alusan lan ratu pisan uga ngono. Lan nyreweteh meneh, maklum, ing negara teater, dhalang/sutradhara sok melu main, lumrah. Srakah! Dheweke sok lali. Lali yen satemene regejegan rebutan panguwasa iku kebak sandiwara, sing kadhang nyebal sega pakem. Akibate, lali yen ing pojoke panguripan, isih akeh kawula golek upa direwangi turu ula. Lire, sedina mangan sedina ora, seminggu oleh tukon sega, seminggu ora entuk apa-apa. Suwalike, kadang sing lagi pengin munggah andha, dha lali yen isih akeh wong lara lapa. Yen ing jagade wong gedhe, kadhang tinemu rumor: sesuk mangan sapa, wong cilik suwalike, unen-unene: sesuk mangan apa. Gangsir tenan!
Diakoni apa ora, donyane politik saiki lagi kebak memala. Kebak rubeda. Kadhang uga kebak kruma ting kruget, ora karuwan. Gandheng sing jeneng politik kuwi, wiwit jaman jambejuja mesthi rebutan panguwasa, tekan saiki kabeh pengin golek cara ben wibawa. Mula, ora jeneng mokal yen dha golek daya upaya. Dheweke pengin nandur wiji klapa bebasane. Esuk ditandur, sore njaluk thukul. Wiji klapa sing seminggu lan sesasi diurug lemah, njaluk awoh. Lha ya nglengkara ta kuwi.
Ning piye wae, nepsune wong lagi duwe pepenginan, pancen ngono. Sok sakdeg sak nyeg. E, lha kok tanpa nalar. Dumeh ngindhit pamrih, njur nandur winih klapa kon thukul cikal, gek modot, njur ndang awoh, lha rak nggege mangsa ta ngene iki. Dha lali, yen wiji klapa kuwi satemene butuh proses. Butuh disiram. Tegese, rakyat sing kesrakat kuwi, jane ya wis ora bodho banget. Ora longa-longo kaya kebo, sing gampang dikeluh. Rak ya ngono ta mandhoplang?
Ngendikane simbah, pancen ana rong werna sing njalari manungsa kuwi gampang lali. Wohe lali, manungsa asring kejlungup tekan mayuta-yuta memala sing angel tambane. Sepisan, lali yen lagi ngemut legining gula. Para mitra sing wis tau ngrasakake manise gula, sok ora eling, yen isih akeh kawula alit sing ngombe teh paitan. Tanpa gula. Legi-legine wong ngemut gula kuwi sok njalari memala sing angel obate. Yaiku, sok tuwuh karep hedhonistis, emoh leren, lan aji mumpung. Luwih-luwih yen sing dimut mau gula batu utawa gula aren, wah mak nyos tenan. Njur lica-lingga-liru-lisa, lali kanca, lali tangga, lali guru, lan lali sapa wae.
Kapindho, lali yen ana perkara sing cedhak. Sing cedhak marang manungsa yaiku pati. Wong yen lagi kedunungan drajat pangkat semat, sok lali yen pati wis nunggu ing cedhake. Lali yen ora sah gantalan minggu, dina, jam, lan menit pati bakal teka. Wong lali mati, ing donyane politik asring kaya arep urip salawase. Wusana, tegel nggrecok kana-kene, nganggep awake utawa kronine sing paling apik. Wong liya, cekake dianggep ora duwe sumbangan apa-apa. Cekak cukupe, dheweke luwih cikrak-cikrak yen ana wong liya kedhungsak-dhungsak. Dheweke pengin ngucap: ngandel ora, kapokmu kapan, kandhani kok! Lali ta yen ajal bisa teka kapan wae.
***
JARGON-JARGON politik, kayata ‘’lanjutkan’’, ‘’lebih cepat lebih baik’’, ‘’mengusung perubahan’’, cedhak wong cilik, satemene uga bumbu-bumbu sandiwara politik ing negara teater. Unen-unen kasebut, yen diperes, playune bakal tekan gegebengan Jawa: sapa sing ora ngalem endhas sepur? Lire, egosentris manungsa kuwi pancen angel dilalekake. Luwih-luwih ing basane Ki Ageng Suryamentaram, sing kerep dicemol dening raka Darmanta Jatman —manungsa kuwi duwe kramadangsa, yen kleru pangolahe sok njalari lelara ndrawasi.
Satemene ana cara becik kanggo ngawekani ganase udreg-udregan politik, yaiku, politik gangsir ngenthir. Sepele ta katone. Sing dakngerteni, filosofine gangsir ngenthir kuwi prasaja. Dheweke bisa ngenthir awan bengi. Utamane bengi. Ing swasana sepi, gangsir bisa menehi tandha-tandha, nganggo suwarane. Najan kewane cilik, ning suwarane bisa keprungu tekan ngendi-endi. Njalari wong kapiluyu. Tur meneh, anggone nyuwara mau ora kudu ngetok. Ora kudu pamer.
Gangsir tetep ngenthir, najan ana sing liwat kiwa tengene. Ora kaya orong-orong, yen kepidak mak pet. Gangsir ngenthir mratandhani swasana gemah ripah loh jinawi. Lemah sing dinggo ngenthir, digangsir, gembur. Najan seneng ngeleng, papane gangsir ora gawe rusak. Panguwasane gangsir kondhang tekan ngendi-endi. Dheweke aweh panglipur, bisa manjing ajur-ajer. Saben mak thirrrr, swasana tata titi tentrem. Ing kahanan piye wae, gangsir tetep adil anggone ngenthir. Ngenthir ora kentir ing bengoke kewan liyane, kaya kodhok ngorek, jangkrik ngengkrik, teguh.
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/06/07/419/Politik-Gangsir-Ngenthir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar