Jumat, 23 April 2010

Suroboyoan: Gas Methan

Cak Sur ngajak Pendik ambek Pi’i nang Porong. “Mumpung embong Porong isok diliwati, ayo foto-fotoan.” Arek telu iku ancen sempel. Wong-wong milih foto-fotoan ndhuk tanggul lumpur Lapindo, adakno arek telu pose ndhuk pinggir embong. Mesthi ae disuiti. “Babahno, iki digawe kenang-kenangan. Be’e mbesuk embong iki ditutup, awake dhewe wis duwe fotone,” jare Pendik.

Pendik foto ndhuk idheke bubble mumpung gak onok sing nguwasi. “Koyok udun kate njebluk,” jare Pendik.

Pi’i mik manthuk. Arek iku dungaren gak kakehan ngomong. Pendik ambek Cak Sur kuwatir Pi’i keracunen gas methan sing jarene nyembur tekok blukuthuk-blukuthuk iku. “Koen laopo?” Cak Sur takok. Pi’i meneng thok. Raine wis semu abang.

Gak suwe arek iku ngibrit nyabrang embong. Tangane nutupi bokong. Bareng jarake wis adoh, Pi’i mbungkuk. Gak suwe arek iku wis cengingas-cengingis maneh mara nang Cak Sur. Masi gumun, Cak Sur meneng thok.

Gak suwe Pi’i ngempet maneh. Arek iku mlayu buanter. Tekok sabrang embong Pi’i mbungkuk maneh. Mrenges maneh.

Pas mulih Cak Sur takok. “Koen mau laopo?”

“Aku maca ndhuk Surya, jare gas methan iku bahaya. Gak entuk onok gesekan sing isok mletikna geni. Sepur gak entuk ngerem cik gak mletik-mletik. Iki mau aku kate ngentut. Tak empet. Aku kuwatir entutku nggarai gas methane nggebros. Lak ciloko bokongku.”

http://www.surya.co.id/2010/04/23/gas-methan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar