Ning Ya pusing. Kaet mau nggremeng thok. Arek telu sing ndhuk idheke mik pandeng-pandengan nontok Ning Ya mecucu terus.
“Jare Mario Teguh, dadi uwong iku ojok mutungan. Dicelathu thithik ae wis nggondhok. Kapan majune, Ning?” jare Cak Sur.
Pendik sing lungguh ndhuk sebelahe manthuk. “Bener, Ning. Jare Rhenald Kasali cik usahane maju, kudu berubah, change. Kudu diowahi. Gak mik ngene-ngene thok. Lek koen meneng thok, kapan isok dadi juragan?”
Pi’i ambegan dawa. Arek iku sawangane prihatin nemen eruh Ning Ya. Pi’i gedek-gedek ngrasakno arek sitok iku.
“Iyo, Ning Ya iku ancen gak maju blas pikirane. Kaet biyen gak onok perubahan. Wingi wis tak selangi buku karangane Tung Desem Waringin sing dadi motivator hebat iku. Yo gak diapak-apakno,” Pi’i melok ngomel.
Ning Ya ngamuk. Suthil dithuthukna wajan. “Koen iku gak ngomong ta ambek Mario Teguh, Rhenald Kasali, utawa Tung Desem. Takokana, yok opo carane warung kopi ambek gorengan iki isok maju koyok Starbucks Café ndhuk Tunjungan Plaza? Takok mesisan, yok opo carane ngatasi pelanggan sing utang thok lek ditagih mrenges. Isok ta maju lek mangan menjes papat mbayare mrenges?
http://www.surya.co.id/2010/04/19/mario-teguh.html
http://www.surya.co.id/2010/04/19/mario-teguh.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar