Jumat, 23 April 2010

Suroboyoan: Cangkrukan ndhuk kafe

Jare Cak Sur arek enom saiki lek cangkruk gak ndhuk gerdhu. “Saiki nggone cangkruk pindhah ndhuk kafe. Lek gurung cangkruk ndhuk kafe ambek main komputer, gurung top.”

Pi’i mbisiki Pendik. “Dicacak ta? Ndhuk Starbucks Tunjungan Plaza.” Arek loro budhal ndhuk kafe ngetop iku. “Lungguhe milih ndhuk pinggir idhek kaca cik kuabeh nontok lek Pendik ambek Pi’i saiki wis modern. Cangkruk ndhuk kafe. Ojok lalu main komputer.”

Pi’i ngirim SMS nang Cak Sur ngabari lek lagek cangkruk ndhuk Starbucks. Cak Sur age-age nyusul. Tapi bareng eruh arek loro, Cak Sur singitan ndhuk idhek kasir. Kasire, Ning Ya, mecucu, “Pesen kopi sitok diseruput arek loro. Lungguh main komputer wis rong jam.”

Pi’i sueneng ditontoki wong ndhuk Tunjungan Plaza. Arek iku telap-telep mangan pohung goreng, bontotan. Kopine sengaja diseruput thithik cik gak onok alasan ngusir, wong kopine gurung entek. Gak ngelak? Pi’i nuduhna plastik isi es cao.

Pendik sing main komputer ngomel. “Mejane keciliken. Digawe ndekek monitor ambek CPU gak cukup.”

Cak Sur kate semaput eruh arek loro nggotong monitor tabung ambek CPU. “Laopo komputer RT koen usung? Ndhuk kafe iku nggawe netbook, laptop. Koen gak nggawa printer mesisan?”

http://www.surya.co.id/2010/04/22/cangkrukan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar