Rabu, 24 Maret 2010

Rante Mas


Dening Sindhunata

Ana padhepokan, jenenge Karang Klethak. Manggon ing pinggir Kali Boyong, sing mili ing siring kulon dhusun Wonorejo, Pakem. Padepokan mau uga ingaran Kapitrukan. Tegese, sing duweni padepokan mau arane Kyai Petruk. Ing padhepokan mau kerep dianani jagongan. Sapa maneh sing jagongan ing kono yen dudu Petruk karo kakangne Gareng, adhine Bagong lan bapakne Semar.

Temtu sing dikarepake dudu punakawane wayang, nanging Petruk, Gareng, Bagong, lan Semar ing jagad pakeliraning manungsa, sing lelakone tansah dadi isen-isening sejarah tekan seprene. Pancen, Petruk, Gareng, Bagong lan Semar bakal tansah dadi lakoning sejarah, selagine sejarah iki isih kudu dadi lelakone wong cilik. Lire, Petruk, Gareng, Bagong lan Semar iku mung paragane lan wujuding wong cilik.

Wektu iku wayahe wis arep peteng. Kali Boyong katon seger. Banyune mili alon. Petruk nudhingi watu gedhe, sing manggon ing sangisoring Karang Klethak. Banjur miwiti carita, menawa watu gedhe iku ajeg ana ing kana. Wis ping pira wae lahar gunung Merapi nerjang Kali Boyong. Katrajang lahar, watu liya-liyane wis padha ngalih, ning watu gedhe iku ora nate gingsir saka panggonane. Apa mergane? Jare, merga watu mau sinabukan dening rante saka mas sing ngadubilah kuwate. Mula watu iku diarani Kyai Rante Mas.

Ujare Petruk, nate ana sawetara priyayi saka Metaram nenepi ing sangisoring Kyai Rante Mas. Prelune, arep njupuk rante mas sing nyabuki watu gedhe mau. Ora ana sing kasil. Malahan, priyayi mau kontal, banjur mak klumbruk, njengkelang ing Kali Boyong. Kanyata, Kyai Rante Mas luwih sekti tinimbang priyayi pinunjul sing dhemen teteki lan nenepi.

Rampung critane Petruk, Semar banjur mojar, “Tole, ing piwulange guru kang sinebut Sang Guru Jagad, Krisnamurti, kaya sing wis dijawakake ing Serat Gesang Sejati, uga ana sing diarani rante mas. Mangkene unine: Ingsun iki kaya dene gelangan kang ana ing sajroning rante mas, sih, kang ngolongi jagad, lan ingsun kudu ngreksa supaya gelanganku bisa resik lan santosa. Mulane ingsun bakal ngangkah supaya ingsun bisa becik lan tresna marang sapepadaku urip, kang kapetuk marang ingsun, lan kabeh, kang luwih ringkih tinimbang ingsun, ingsun ngangkah bisaa ngayomi lan mitulungi. Lan ingsun ngangkah supaya ingsun bisaa nyipta gagasan kang suci lan resik, bisaa ngucapke tembung kang suci lan resik, bisaa nindakkke tindak kang suci lan resik.” “Dadi sakabehing manungsa, klebu awake dhewe iki, sejatine mung gelangan, sing kaiket siji lan sijine dadi rante, sing nyabuki jagad, amrih jagad iki bisa kukuh, lestari lan santosa,” kandhane Gareng nyambung rembug.

Bagong sigra melu nimbrung. Saka swarane, sajak katon, menawa dheweke ora sapirembug: “Rante mau bisa kukuh nyabuki jagad, yen gelangan-gelangane kabeh padha kuwate. Ning nyatane rak ora ngana. Ana gelangan sing gedhe lan kuwat, ana gelangan sing cilik tur ringkih. Kepriye gelangan-gelangan sing ora padha kekuwatane mau bisa dadi rante sing kukuh nyabuki jagad? Bilahine maneh, gelangan sing gedhe lan kuwat kerep narik-narik lan mbedhal sakarepe dhewe, nganti gelangan-gelangan sing cilik dadi kendho banjur pedhot muprul.”

“Gong, kowe rak mung arep kandha, mokal manungsa iki bisa dadi sabuking jagad, amrih jagad iki santosa pindha watu kang diarani Kyai Rante Mas, yen ing jagad iki isih ana jurang trebis antarane sing gedhe lan sugih karo sing sing cilik lan mlarat ta? Luwih cilaka maneh, dene sing gedhe lan sugih senengane sawiyah-wiyah marang sing cilik lan mlarat,” sambunge Petruk. “Lha ya kuwi, Truk, sing tak karepake,” ujare Bagong.

Rembugan ing Karang Klethak mau banjur kandheg sawatara. Kabeh padha nyawang watu Kyai Rante Mas, sing kukuh meger-meger ing Kali Boyong. Let sedhela, Semar banjur mojar, “Thole, Thole, para leluhuring tanah Jawa paring piweling, manungsa dititahake ing alam donya iki dudu supaya ndarbeni milik lan barang sing saya suwe saya luwih akeh, ning supaya uripe saya suwe saya luwih becik. Dadine dudu urip luwih sugih, ning urip luwih becik, ya iku sing bakal bisa dadi otot bayuning memayu hayuning buwana. Yen mengkono, aku, kowe lan kabeh manungsa bakal dadi gelangan-gelangan, sing lung tinulung, ayom angayomi, nganti bisa ngiket lan ngolongi jagad, amrih jagad iki bisaa tentrem lan santosa.”Ngrungokake pitutur mau, Petruk, Gareng, Bagong manthuk-manthuk, sinambi ngrasak-ngrasake kukuhing watu Kyai Rante Mas ing Kali Boyong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar