“Wis, mencolot cendhela ae,” Cak Sur usul. Pi’i kebagean nggawe peta. Arek iku uthek seminggu nggambar omahe Ning Ya. Bareng dadi, arek telu langsung budhal.
Omahe Ning Ya guedhe, kamare akeh. “Wingi aku epok-epok takok Ning Ya, kamar sing paling puenting sing endi, dituding kamar nomer telu,” jare Pi’i.
Arek telu mlipir pinggir omah. Hawa mari udan nggarai irunge Pi’i gatel. Arek iku gebres-gebres sampek petane lugur. Untunge turu kuabeh. Pi’i molak-malik petane. “Sing kiwa, Cak. Yo iku. Iku mesthi kamar sing digawe nyimpen mas-masan,” Pi’i bisik-bisik.
Bareng Cak Sur ambek Pendik ndhongkel cendhela, arek loro mentheleng. Pi’i gumun, “Kleru kamare Ning Ya ta? Sedhep lho.”
Pi’i diseret. “Iku ta sing jarene kamar penting?” jare Pendik. Bareng ditontok, tibakno emake Ning Ya turu. Ambune minyak tawon nggarai ngelu. Pi’i malik petane. “Sing ika,” jare Pi’i. Diparani, tibakna jedhing. Dituding pojokan, diparani, tibakno kandhang pitik.
http://www.surya.co.id/2010/05/04/maling-manut-peta.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar